AK-47 (data ing ngisor iki kanggo AK-47 Tipe 1)
AK-47 Tipe 2. Iki varian pisanan sing migunakaké mesin tipe receiver.
AK-47 Tipe 2, varian pisanan sing migunakaké receiver tipe machined.
 Tipe Senapan serbu
 Negara asal Uni Sovyèt
Sejarah pemakaian
 Digunakan 1949
 Pemakai Uni Soviet, akèh liyané
Sejarah produksi
 Perancang Mikhail Kalashnikov
 Tahun 1947
 Jumlah Di atas 100 juta[1]
 Varian Lihat Varian
Spesifikasi
 Berat 4,3 kg
 Panjang 870 mm (34¼ inci)
 Panjang laras 415 mm (16,3 inci)

 Peluru 7,62 x 39 mm
 Mekanisme Operasi gas, bolt berputar
 Kec. tembak 600 butir/menit
 Kec. peluru 710 m/s
 Jarak efektif 300 m
 Pengisian Magazen box 30 butir,
Magazen box RPK 40 butir,
Magazen drum RPK 75 butir
 Alat bidik Bidikan besi

AK-47 (cekakan saka Avtomat Kalashnikova 1947, Ruslan: Автомат Калашникова образца 1947 года) iku senapan serbu sing dirancang déning Mikhail Kalashnikov, diprodhuksi déning pabrik senjata Ruslan IZhMASh, lan dipigunakaké déning akèh nagara Blok Wétan ing jaman Perang Dingin. Senapan iki diadopsi lan didadèkaké senapan standar Uni Soviet ing taun 1947.[2] Yèn dibandingaké karo senapan sing digunakaké snalika Perang Donya II, AK-47 duwé ukuran luwih cilik, kanthi jangkauan sing luwih cendhak, nganggo pluru kaliber 7,62 x 39 mm sing luwih cilik, lan duwé pilihan tembakan (selective-fire). AK-47 kalebu salah siji senapan serbu pisanan lan nganti saiki minangka senapan serbu sing paling akèh diprodhuksi.[2][3]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Latar wuri désain

[besut | besut sumber]

Sajeroning Perang Donya II, Jerman nyipta konsèp senapan serbu. Konsep iki didhasari pengalaman yèn pertempuran modhèren luwih akèh kadadéan ing jarak sing cukup cedhak, ya iku watara 100 mèter. Tenaga lan jangkauan pluru wektu iku kacihna kagedhèn. Mula, Jerman wiwit ngembangaké pluru lan senapan sing duwé sipat submachine gun (isi magazen akèh lan bisa némbak full-otomatis) kanthi pluru sing jangkauané bisa nganti 300 mèter. Kanthi nimbang béya prodhuksi, ink digayuh kanthi nyendhakaké pluru 7,92 x 57 mm Mauser dadi ukuran 33mm ya iku 7,92 x 33mm Kurz (Kurz tegesé cendhak).

Asilé, Sturmgewehr 44, pancèn dudu senapan pisanan sing migunakaké konsèp iki; sadurungé Italia lan Uni Soviet tau ngrancang konsèp sing padha. Nanging, Jerman sing pisanan mrodhuksi masal senapané. Jerman akèh migunakaké senapan anyar kanggo ngadhepi Soviet ing Front Wétan. Pengalaman Uni Soviet nglawan Jerman iki sing mengaruhi dhoktrin Soviet ing taun-taun sabanjuré.

Varian

[besut | besut sumber]
Sawijining prajurit Romania mbiyantu prajurit AS némbakaké RPK, versi senapan mesin ringan saka AK-47.

Varian-varian Kalashnikov ya iku:

Ing taun 1978, Uni Soviet wiwit ngganti senapan AK-47 lan AKM nanggo rancangan sing luwih anyar, ya iku AK-74.

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Rujukan

[besut | besut sumber]
  1. Gorshkov, Nikolai (2002-06-02). "Russian producer wins Kalashnikov rights". BBC News - World Edition.
  2. a b Poyer, Joe (2004). The AK-47 and AK-74 Kalashnikov Rifles and Their Variations. North Cape Publications. kc. hal 1.
  3. "Weaponomics: The Economics of Small Arms"

Réferènsi

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]