Rami nalika main ing Timnas Prancis | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Adil Rami | ||
Tanggal lair | 27 Dhésèmber 1985 | ||
Papan lair | Bastia, Corsica, Prancis | ||
Dhuwur | 1.90 m (6 ft 3 in) | ||
Posisi main | Bèg | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Valencia | ||
Angka | 4 | ||
Karir nom | |||
1994–2003 | Fréjus | ||
2006–2007 | Lille | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2003–2006 | Fréjus | 58 | (0) |
2007–2011 | Lille | 111 | (7) |
2011– | Valencia | 30 | (2) |
2011 | → Lille (silihan) | 18 | (0) |
Tim nasional‡ | |||
2010– | Prancis | 17 | (0) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 22 April 2012. |
Adil Rami (Arab: عادل رامي; lair ing Bastia, 27 Dhésèmber 1985; umur 38 taun) ya iku salah sijining juru main bal-balan sing kewarganagaraané Prancis keturunan Maroko sing main kanggo klub Valencia CF ing posisi bèg.[1][2]
Rami miwiti karir bal-balané kanthi main ing klub amatir Étoile Fréjus Saint-Raphaël, salanjuté dikenal minangka Fréjus ES. Amarga ulah raga minangka hobi, panjenengané ngentèkaké telung mangsa ing klub Championnat de France, divisi papat bal-balan Prancis. Ing taun 2006, Rami munggah telung divisi sawisé nandatangani kontrak karon klub Ligue 1, Lille OSC. Ing Lille, Rami nyetak debut profésional ing wulan Mèi 2007. Panjenengané dijeluk "Shrek" déning kanca tim lan pendukung Lille. Ing wulan Januari 2011, Rami gabung karo klub Spanyol, Valencia, kanthi kontrak petang taun.
Sanadyan keturunan Maroko, Rami juru main tim nasional bal-balan Prancis. Panjenengané milih main karo Prancis ing Piala Donya FIFA 2010, nanging ora digawa ing Afrika Selatan. Rami nggawé debut senioré tanggal 11 Agustus 2010 ing tetandhingan persahabatan nglawan Nurwègen.
Cithakan:Skuat Piala Éropah 2012 Prancis