Areola with Paris Saint-Germain in 2011 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Tanggal lair | 27 Fèbruari 1993 | ||
Papan lair | Paris, Prancis | ||
Dhuwur | 1.95 m (6 ft 5 in)[1] | ||
Posisi main | Goalkeeper | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Paris Saint-Germain | ||
Angka | 16 | ||
Karir nom | |||
1999–2006 | Petits Anges | ||
2006–2012 | Paris Saint-Germain | ||
2008–2009 | → INF Clairefontaine (silihan) | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2012– | Paris Saint-Germain | 36 | (0) |
2013–2014 | → Lens (silihan) | 35 | (0) |
2014–2015 | → Bastia (silihan) | 35 | (0) |
2015–2016 | → Villarreal (silihan) | 32 | (0) |
Tim nasional‡ | |||
2008–2009 | Prancis U16 | 14 | (0) |
2009–2010 | Prancis U17 | 10 | (0) |
2010–2011 | Prancis U18 | 4 | (0) |
2011–2012 | Prancis U19 | 8 | (0) |
2012–2013 | Prancis U20 | 16 | (0) |
2013–2014 | Prancis U21 | 9 | (0) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 17 January 2018. |
Alphonse Areola (Prancis: [alfɔ̃s aʁeɔla];[2] lair 27 Fèbruari 1993) ya iku juru main bal-balan profèsional Prancis sing main minangka kiper kanggo klub Ligue 1 Paris Saint-Germain FC. Lulusan akademi PSG, dhèwèké miwiti bagian awal kariré kanthi dadi juru main silihan, main ing klub Lens, Bastia lan La Liga, Villarreal. Ing mangsa kasebut, Areola mecah rékor klub kanggo périodhe paling dawa tanpa kegolan, ora kalah ing wektu 620 menit.
Dhèwèké uga makili Prancis ing saben tingkat nom-noman lan minangka bageyan saka tim U20 Prancis sing menangaké Piala Donya FIFA U-20 ing taun 2013.
Areola wiwit main ing bal-balan nalika umur enem taun kanggo Entente Sportive des Petits Anges lan nggabung pitung taun ing klub lokal sadurungé lumebu ing Liga 1, Paris Saint-Germain. Nalika Areola umur 15 taun, amarga saran saka pelatih ing Paris, dhèwèké pindhah menyang pusat bal-balan Clairefontaine kanggo ngembangaké bakaté. Dhèwèké mulih menyang PSG taun sabanjuré lan lumebu kontrak profésional pisanan karo klub Paris iki ng Juli 2009, kanthi tandha tangan kontrak telung taun.[3][4]