|
Sub-rangkaian Pulitik |
---|
|
Anarki utawi anarkisme punika sajatinipun satunggiling aliran pulitik ingkang nolak papréntahan. Dados kaum anarkis punika boten purun manawi papréntahan punika dipunwontenaken. Gantinipun inggih namung déwan-déwan alit kémawon ing tingkat dhasar. Pamarèntahan pusat inggih dipunicali.
Nanging ing basa lumrah sadinten-dinten, asring anarki dipun-gandhèngaken kaliyan tindhak boten mawi tanggung jawab utawi ngrisak. Dados kawontenan ing pundi boten wonten ingkang saged ngatur.