Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.
Artikel iki ditulis nganggo basa krama.
Lapisan aspal nalika ndamel margi.

Aspal inggih punika bahan hidro karbon asipat kelèt (adhesive), warnanipun cemeng radi soklat, kedhap toya lan visoelastis. Aspal asring ugi dipunsebut bitumen inggih punika bahan pangiket ing campuran beraspal ingkang mupangatipun minangka lapis lumahan lapis pangatosan lentur. Aspal asalipun saking aspal alam (aspal buton) [1] utawi aspal lenga (aspal ingkang asalipun saking lenga bumi). Kanthi dhasar konsistènsinipun, aspal saged dipunklompokaken dados aspal padhet, lan aspal cuwèr.

Aspal utawi bitumen inggih punika satunggaling cuwèran kenthel minangka senyawa hidrokarbon kanthi sekedhik ngandhut sulfur, oksigèn, lan klor. Aspal minangka bahan pangiket ing pangatosan lentur ingkang asipat viskoelastis. Aspal ingkang asipat padhet ing suhu ruwang lan asipat cuwèr nalika dipunpanasaken.

Cathetan suku