Bengawan Sala, utawa ditulis Bengawan Solo sajeroning éjaan basa Indonésia, utawa Banawi Sala[1] iku sawijining kali kang mili saka Gunung Lawu ngliwati Provinsi Jawa Tengah lan Jawa Wétan. Bengawan Sala mili ngalor ngliwati tlatah Jawa Tengah. Satekané Cepu, kali iki menggok ngétan liwat Bojanegara banjur notog Sagara Jawa. Bengawan Sala dadi kali kang dawa dhéwé ing Pulo Jawa, ya iku dawané udakara 540 kilomèter. Saliyané migunani minangka sarana ilèn-ilèn warga ing tlatah kang diliwati, kiwa-tengené Bengawan Sala kawentar minangka tlatah kang nyimpen sajarah antropologi kuna. Tlatah Kali Bengawan Sala ambané ana watara 20.125 km kubik. Saka tlatah Pagunungan Sewu, Kali Bengawan Sala mili ngliwati 20 kabupatèn/kutha, ya iku 9 kabupatèn ing Jawa Tengah: Wanagiri, Klathèn, Sukaharja, Karanganyar, Boyalali, Sragèn, Blora, Rembang lan kutha Surakarta. Déné ing wewengkon Jawa Wétan ana 11 kabupatèn kang diliwati ya iku: Ngawi, Magetan, Panaraga, Madiun, Pacitan, Bojanegara, Tuban, Lamongan, Gresik lan Surabaya, tumuli mili tekan Sagara Jawa.[2]
Banyu Bengawan Sala wis akèh gunané kanggo panguripané masarakat kang manggon ing laladan ilèné. Cathetan taun 1998, kang ndunungi kang manggon ing laladan ilèné Bengawan Sala kacathet ana wong 15,3 yuta, utawa padha karo 12,8 % saka kabèh kang ndunungi Pulo Jawa. Sawetara kurang luwih 76 % kang ndunungi mau golèk panguripan saka budidaya sajeroning sèktor tetanèn. Saliyané ilèn-ilèn, banyu Bengawan Sala uga dadi sumberé banyu ombèn-ombèn, sumber tenaga listrik, budidaya iwak banyu tawa lan tambak, saha sawatara kang ndunungi uga golèk panguripan saka njupuki gesik kali.[2]
Banyu Bengawan Sala, mligi kang wis ditanggul minangka sumber bebakalan banyu ombé lan indhustri.
Bendungan Bengawan Sala, contoné Bendung Wanagiri, minangka sumber ènèrgi listrik kang migunani tumrap kaperlon bendinan lan kaperlon indhustri.
Bojanegara, salah siji laladan ilèné Bengawan Sala pérangan ilir, kerep ngalami banjir. Wulan April 2007 Bojanegara kena banjir gedhé kang nglubèri 14 kacamatan: Margamulya, Ngraho, Padangan, Kasiman, Purwasari, Kalitidu, Malo, Trucuk, Bojanegara, Kapas, Balèn, Sumbereja, Kanor, lan Baurena. Banjir iki uga nglubèri wewengkon Tuban kang dunungé uga ana ing tlatah iliré Bengawan Sala.[6]
Banyu kali ing laladan Kabupatèn Sragèn kadhang kala rupa-rupa warnaé. Kaanan iki mratandhani anané panjemberan ing ledhok-ledhok kali kang nglantari patiné mikroorganisme sajeroning kali. Kuwalitas banyu saka ndhuwur uga wis ora nemoni sarat kanggo sarana rékréasi banyu, budidaya iwak tawa, paingon, lan mbanyoni tuwuhan. Kuwalitas banyuné wis ngluwihi bakuné kang ditemtokaké, ya iku biochemical oxygen demand (BOD) kelas II lan chemical oxygen demand (COD). Ing Kutha Sala, paramèter wis ngluwihi bakuné kuwalitas banyu kang wis ditemtokaké ya iku total suspended solid (TSS) kelas II, nitrit kelas II lan III, BOD kelas II, lan COD. Prakara iki mratandhani yèn banyu Bengawan Sala ing Désa Jurug, Majasanga, Boyalali ngandhut akèh bakal panjember saka regedan indhustri utawa tetanèn, kaya déné abuk kimia. Uji sumur warga uga nuduhaké kasil kang padha. Kuwalitas banyu sumur kang ndunungi Désa Getas, Cepu, Blora, contoné, isih kagolong apik lan bisa dipigunakaké kanggo kabutuhan omahan bendinan. Nanging amarga zat mangan ngluwihi wates bakuné, wernané banyu dadi semu soklat. Panlitèn baktèri Escherichia coli ana ing banyu sumur lan banyu Bengawan Sala ing sawatara papan pangamatan nduduhaké yèn jinis banyu ana ing panggon iku ngandhut baktèri ngluwihi wates baku supaya bisa kanggo banyu ombèn. Akèhing kandhutan baktèri Escherichia coli racaké linantaran saking panjemeran ing omah-omah, mligi saka ténja lan regedan kéwan.[7]
Ana ing sawangan Bengawan Sala ing Ujung Pangkah, Gresik, Jawa Wétan, alas bakao wis didadèkaké papan panambakan urang lan bandeng. Kaanan iki nglantari rusaking kukuban kana kaya ta mudhuné cacahing manuk lan iwak saha tekaning lelara bintul putih kang banjur nglantari prakara sosial-ékonomi wong-wong kana. Data Dinas Kalasan lan Piwakan Kabupatèn Gresik taun 2002 medharaké yèn 250 héktar tlatah pasisir ngalami abrasi. Miturut Edi Purwanto, staf Yayasan Bina Alam Indonésia kang nliti pasisir Ujung Pangkah, wit bakao ing Ujung Pangkah yèn diklumpukaké dadi siji ambané mung kari udakara limang héktar waé.[8]
Gungungé dana kang dientèkaké pamaréntah kanggo pangrembakan wewengkon Kali Bengawan Sala nganti taun 1999 udakara Rp 1 trilyun (APBN + BLN).
Kanggo pambenahan laladan ilir Bengawan Sala, pamaréntah Jepang ngwènèhi dana silihan kang gedhéné 10,796 milyar Yèn (udakara US$ 104,1 milyar utawa Rp 892,8 milyar).[10] Dana iki kanggo proyèk pambangunan tanggul, flood-way, Bendungan Babat, lan saluran banyu ing Jabung Ring Dam kang lumangsung saka taun 1996 nganti 2004.[10] Ancasé, proyek iki kanggo mudhakaké karaharjan lan ékonomi masarakat saha ngélongi rugi jalaran banjir, sarta ngrembakakaké sumber daya banyu kanggo kaprelon bendinan, indhustri, lan tetanèn.[10]