Lapangan bisbol ing Busch Stadium, Saint Louis, Missouri.
Diagram lapangan bisbol (baseball diamond)

Bisbol utawa kondhang kanthi jeneng baseball iku ulah raga kang dimainaké déning rong tim.[1] Pitcher) saka tim kang nguncalaké, nyoba nguncalaké bal kang dijenengi bal bisbol, déné juru main (batter) saka tim kang nggebug bal nyoba nggebug bal nganggo slah (bat).[1] Tim kang nguncalke bal kudu bisa nyekel bal kang digebug déning tim lawan supaya bisa gantian nguwasani dolanan.[1] Tim kang nggebug olè angka kanthi cara lumayu nglawan arah jarum jam banjur balik manèh ' menyang home plate sawisé ngidak marka ing lapangan bisbol kang dijenengi base.[1] Bisbol uga dijenengi hardball kanggo mbedakake karo ulah raga sofbol.[1] Lapangan bisbol wujudé bujur sangkar (baseball diamond) karo base kang manggon ana ing telung pojokan.[2] Let antara base siji karo base kang liyané ya iku 27,432 mèter (90 kaki).[2] Slah kanggo nggebug bat) wujudé silinder dawa lan alus kang digawé saka kayu (persyaratan pemukul bisbol profésional) utawa bahan logam.[2] Peraturan ana ing permainan iki dikembangake ing Amérikah Sarékat saka permainan kang nganggo pemukul lan bal kang dimainake ing Inggris.[2] Bisbol ya iku ulah raga kang dimainaké kanthi tim lan populèr ing Amérika Lor, Amérika Latin, Karibia, lan Asia Wétan.[2]

Cara Dolanane

Pratélan pustaka

Pranala njaba

Cathetan suku