Chintami Atmanagara
Barkas:Chintami Atmanagara.jpg
Lair (1962-06-14) Juni 14, 1962 (umur 62)
Bonn, Jerman
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Pengusaha, Model, Penyanyi
BojoOddie Agam (1988 - 1992)
Bayu Maruto (2000 - saiki)
AnakDio Alif Utama (dari Oddie Agam)

Chintami Atmanagara (lair ing Bonn, Jerman, 14 Juni 1962; umur 62 taun).[1] Chintami Atmanagara ya iku penyanyi lan juru main filem.[1] Saliyané iki Chintami Atmanagara uga bintang sinétron kang duwé kebangsaan saka Indonesia.[1]

Biografi

[besut | besut sumber]

Chintami Atmanagara miwiti kariré kanthi main filem kang judhululé Tempatmu di Sisiku nalika taun 1979.[1] Ing filem iki Chintami Atmanagara langsung dadi pemeran pembantu utama.[1] Film iki digawé kanthi arahan Jopie Burnama.[1] Saliyané iku Chintami Atmanagara uga kerep dadi modhél ing gambar-gambar tanggalan lan modhél iklan.[1]

Sawisé sukses dadi juru main filem lan modhél, adhik saka aktris Minati Atmanagara iki banjur ngembangaké karire kanthi nyanyi.[1] Nalika taun 1982, Chintami Atmanagara nggawé album.[1] Album iki digawé bareng karo JK Record.[1] Album iki judhulé Cintaku Cintamu.[1] Album liyané kang digawé Chintami Atmanagara ya iku album kang judhulé Nyanyian Hati Album iki digawé taun 1992, saka album iki Chintami Atmanagara éntuk penghargaan dadi Artis Interprestasi paling apik ing Video Musik Indonésia nalika taun 1994.[1]

Chintami Atmanagara tau nikah karo Oddie Agam nalika tanggal 10 Dhésèmber 1988.[1] Nanging Chintami Atmanagara lan Oddie banjur cerai nalika sasi September 1992.[1] Saka perkawinan iki, Chintami Atmanagara nduwé anak kang jenengé Dio Alif Utama.[1] Dio Alif Utama lair nalika tanggal 7 Oktober 1989.[1] Taun 2000, Tami banjur nikah manèh karo wong lanang kang jenengé Bayu Maruto.[1]

Ora mung nyanyi lan main sinétron, Chintami Atmanagara uga nduwé sanggar senam Pesona Tiga Dara lan Prima ing bilangan Kebayoran Baru, Jakarta Selatan.[1] Chintami Atmanagara ngurusi sanggar senam iki bareng karo mbakyuné ya iku Minati Atmanagara.[1] Chintami Atmanagara uga dadi Public Relation Malibu Studio.[1]

Rumah tangga Chintami Atmanagara ana masalah nalika April 2009.[2] Bojoné dikabaraké duwé wong wédok liya kang dadi kancané dhéwé ya iku Yuni.[2] Nanging Chintami lan Bayu padha-padha ora ngakoni.[2] Nanging iki kabukten nalika tanggal 13 Mèi 2009, Chintami Atmanagara ngajokaké gugat cerai lumantar Pengadilan Agama Jakarta Selatan.[2]

Album

[besut | besut sumber]

Album kang dibintangi Chintami Atmanagara.[1]

Film

[besut | besut sumber]

Film kang dibintangi Chintami Atmanagara.[1]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinetron kang dibintangi Chintami Atmanagara.[1]

Iklan

[besut | besut sumber]

Iklan kang dibuntangi Chintami Atmanagara.[1]

Presenter

[besut | besut sumber]

Acara kang kabawah Chintami Atmanagara.[1]

Penghargaan

[besut | besut sumber]

Penghargaan kang ditampa Chintami Atmanagara.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v w x y selebriti.kapanlagi.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 13 Juli 2011)
  2. a b c d celebrity.okezone.com(dipununhuh tanggal 13 Juli 2011)