Claudio Marchisio ing Zenit Saint Petersburg | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Claudio Marchisio | ||
Tanggal lair | 19 Januari 1986 | ||
Papan lair | Turin, Italia | ||
Dhuwur | 1.79 m (5 ft 10 1⁄2 in) | ||
Posisi main | Glandhang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Juventus | ||
Angka | 8 | ||
Karir nom | |||
1993–2006 | Juventus | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2006–2018 | Juventus | 152 | (20) |
2018–saiki | Zenit Saint Petersburg | ||
Tim nasional‡ | |||
2007–2009 | Italia U-21 | 14 | (0) |
2009– | Italia | 27 | (1) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 8 Oktober 2012. |
Claudio Marchisio (palafalan jroning basa Italia: [ˈklaudjo marˈkizjo]) (lair ing Chieri, Turin, 19 Januari 1986; umur 38 taun) ya iku juru main bal-balan sing kebangsaané Italia sing main minangka glandhang kanggo klub Serie A, Juventus F.C. lan tim nasional Italia. Salah sijining produk sistem enom Juventus F.C., panjenengané wés ngentekakeé kariré tekan wektu iki ng klub kutha kalairané, kanthi pengecualian siluhan sasuwéné samusim ing Empoli.[1][2][3]
Wiwit mainé sing apik ing mangsa 2008-09, Marchisio kerep dibandingaké karo mantan juru main klub Juventus F.C. lan timnas Italia Marco Tardelli. Déning pèrs Italia, marchisio nduwé daya juang sing dhuwur nalika main lan bisa kanthi apik maca permainan lawan. Salah sijining glandhang pekerja keras lan uga serbaguna, panjenengané luwih fasih main ing posisi lapangan tengah sanadyan panjenengané bisa uga main ing posisi trio lini tengah kanggo klub lan tim nasional Italia. Sanadyan dominan migunakaké sikil tengen, panjenengané uga duwé tembakan sing banter saka loro sikilé, lan marchisio duwé kasenengan kanggo nglakokaké tendangan saka njaba kothak penalti manawa ndeleng ana peluang utawa kesalahan saka barisan pertahanan lawan.
Skuat tim nasional | |
---|---|
Cithakan:Skuat Piala Éropah 2012 Italia |