Tipe | Soft drink (Cola) |
---|---|
Pabrik | The Coca-Cola Company |
Negara asal | United States |
Wiwit digawé | 1886 |
Color | Caramel E-150d |
Flavor | Cola, Cola Green Tea, Cola Lemon, Cola Lemon Lime, Cola Lime, Cola Orange and Cola Raspberry. |
Varian | See Brand portfolio section below |
Prodhuk kagandhèng | Pepsi Irn Bru RC Cola Cola Turka Zam Zam Cola Mecca-Cola Virgin Cola Parsi Cola Qibla Cola Evoca Cola Corsica Cola Breizh Cola Afri Cola |
Coca-Cola iku siji ombènan limun tanpa alkohol mawa gas karbon kang didol ing toko, restoran, lan mesin dodolan ‘’vending machine’’ kanthi internasional. The Coca-Cola Company ngeklim yèn ombènan iki didol ing punjul 200 nagara.[1] Coca Cola diprodhuksi déning ‘’The Coca-Cola Company’’ ing Atlanta, Georgia, lan kerep dicekak mung nganggo jeneng Coke (siji mèrk kadhaftar saka The Coca-Cola Company ing Amérikah Sarékat wiwit 27 Maret, 1944) utawa (ing nagara-nagara Éropah lan Amérika) minangka cola utawa pop.[2] Wiwitané diangkah minangka siji patèn obat nalika tinemu ing pungkasan abad angka 19 d’ening John Pemberton, Coca-Cola diangkat déning pebisnis Asa Griggs Candler, kang taktik pemasarané nggawa Coke dadi dominan ing pasar ombènan donya ing abad-20.
Siki kalèng Coke (12 fl ounces/355ml) ngandhut 39 grams karbohidrat (saka gula, watara 10 séndhok tèh.[2]), 50 mg sodium, 0 grams lemak, 0 grams potassium, lan 140 kalori.[3]
Studi nuduhaké "soda lan ombèn legi minangka sumber utama kalori sajeroning panganané wong Amérika",[4] akèh ahli nutrisi kang mrayogakaké yèn Coca-Cola lan ombèn limun liyané bisa mbebayani yèn kakèhan dikonsumsi, mligi marang bocah cilik ndadèkaké konsumsi ombèn limun minangka saingan tinimbang tambahan marang kaseimbangan panganan/ombènan. Studi nuduhaké yèn kang ngombé ombèn limun kanthi régulèr ngalami asupan kalsium, magnesium, ascorbic acid, riboflavin, lan vitamin A luwih sithik.[5] Ombènan iki uga dikritik amarga migunakaké caffeine, kang bisa nuwuhaké ketagihan.[6]
((cite web))
: CS1 maint: archived copy as title (link)
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Coca-Cola. |