Barkas:07 07 2019 Final da Copa América 2019 Alves selebrasi sawisé menangné 2015 UEFA Super Cup karo Barcelona | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Daniel Alves da Silva[1] | ||
Tanggal lair | 6 Mèi 1983 | ||
Papan lair | Juazeiro, Brazil | ||
Dhuwur | 1.72 m (5 ft 7 1⁄2 in)[2] | ||
Posisi main | Right back | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Juventus | ||
Angka | 23 | ||
Karir nom | |||
Juazeiro | |||
Bahia | |||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2001–2002 | Bahia | 25 | (2) |
2002–2008 | Sevilla | 175 | (11) |
2008–2016 | Barcelona | 247 | (14) |
2016– | Juventus | 2 | (0) |
Tim nasional‡ | |||
2003 | Brazil U20 | 7 | (0) |
2006– | Brazil | 95 | (7) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 27 August 2016. |
Daniel Alves da Silva (lair ing Juazeiro, Brasil, 6 Mèi 1983; umur 41 taun), lumrahé ditepang nganggo jeneng Dani Alves, ya iku salahsijiné juru main bal-balan profèsional teka Brasil sing saiki main ndhik pérangan bèg tengen kanggo klub FC Barcelona lan tim nasional Brasil.
Sadurungé gabung karo Barcelona, Alves ngentekné 6 taun wayahé karo Sevilla. Piyambaké memenangné 2 Piala UEFA lan Copa del Rey karo tim Andalusia kuwi. Piyambaké gabung karo Barcelona sakrega € 32.500.000,[3] dadi bèg ketelu sing paling larang sakdawané masa. Piyambaké menangné Treble ndhik mangsa kapisan karo Barcelona, lan ndhik mangsa sabanjuré piyambaké menangné Piala Super Spanyol, Piala Super Eropa, lan FIFA Club World Cup. Piyambaké uga mbiantu klub kanggo éntuk Piala Super Spanyol, 2 gelar liga, lan Liga Champions ndhik taun-taun sabanjuré. Alves wis nyekel paspor Spanyol wiwit taun 2005.[4]