Edmund Gustav Albrecht Husserl
Edmund Husserl
LairApril 8, 1859, Proßnitz, Moravia, Ostenrik (today Prostějov, Czech Republic)
PatiApril 28, 1938(1938-04-28) (umur 79) Freiburg, Germany
Kala20th-century philosophy
TlatahWestern Philosophy
AliranPhenomenology
Karsa pokok
Epistemology, Mathematics
Gantha misuwur
Epoché, Natural Standpoint, Noema, Noesis, Eidetic Reduction, Retention and protention, Phenomenology

Edmund Gustav Albrecht Husserl (lair ing Prostějov (Prossnitz), Moravia, Républik Céko, 8 April 1859 – pati ing Freiburg, Jerman, 26 April 1938 ing umur 79 taun)[2] inggih punika satunggaling filsuf Jerman,[3] ingkang dipunkenal minangka bapak fenomenologi.[4] Karyanipun nilaraken orièntasi ingkang murni positivis wonten ing sains lan filsafat nalika jamanipun, lan nengenaken pengalaman subyektif minangka sumber saking sadaya kawruh kula lan panjengengan sadaya babagan fénoména obyektif.[5]

Husserl miyos wonten ing satunggaling kulawarga Yahudi wonten ing Prostějov (Proßnitz), Moravia, Ceko (ingkang wekdal punika minangka péranganing Kamaharajan Ostenrik).[3] Husserl minangka murid Franz Brentano lan Carl Stumpf; karya filsafatipun ingkang gadhah prabawa, antawisipun, Edith Stein (St. Teresa Benedicta saking Salib), Eugen Fink, Max Scheler, Martin Heidegger, Jean-Paul Sartre, Emmanuel Lévinas, Rudolf Carnap, Hermann Weyl, Maurice Merleau-Ponty, lan Roman Ingarden. Taun 1887 Husserl pindhah agama dados Kristen lan kagabung kaliyan Gréja Lutheran. Piyambakipun ngajar filsafat wonten ing Halle minangka satunggaling tutor (Privatdozent) saking taun 1887, lajeng wonten ing Göttingen minangka profesor saking taun 1901, lan wonten ing Freiburg ing Breisgau saking taun 1916 dumugi piyambakipun pensiun taun 1928. Sasampunipun punika, piyambakipun nglajengaken panalitènipun lan nyerat kanthi migunakaken pabukon wonten ing Freiburg, dumugi piyambakipun dipunlarang-amargi piyambakipun keturunan Yahudi - ingkang wekdal punika dipunpimpin déning rektor, lan sapérangan amargi prabawa saking bekas muridipun, ingkang ugi minangka anak emasipun, Martin Heidegger.[6]

Bibliografi

[besut | besut sumber]

Karya-karya Husserl

[besut | besut sumber]

Karya-karya babagan Husserl

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Arsip Husserl

[besut | besut sumber]

Halaman bab Husserl

[besut | besut sumber]