Penampilan dan gol di klub senior hanya dihitung dari liga domestik .
Fabio Capello (lair ing San Canzian d'Isonzo, Gorizia, 18 Juni1946; umur 78 taun) yaiku pelatih bal-balan paling apik sadonya ana ing sajarah bal-balan.[1] Wiwit sasi Juli 2006 Capello dadi pelatih Real Madrid, klub kang tau dilatih ing mangsa 1996/97, nanging dipecat nalika tanggal 28 Juni 2007.[2]
Jeneng Capello dadi misuwur nalika isih nglatih AC Milan saka taun 1991 nganti tekan taun 1996.[1] Nalika nglatih AC Milan, Capello uga bisa ngalahaké tim saka Indonésia yaiku Persib Bandung kanthi kasil kang ora sethithik yaiku 8-0 ana ing Stadion Utama Gelora Bung Karno, Jakarta, taun 1995 ana ing laga kang duwé tajuk tetandhingan persahabatan.[1] Milan menangaké papat gelar yaiku Seri A lan siji gelar Liga Champions ana ing jaman semono.[1] Setaun ana ing Madrid, banjur Capello balik manèh menyang Milan ing mangsa 1997/98, nanging kurang kasil kaya taun sadurungé.[1] Taun 1999 Capello pindhah kanggo nglatih AS Roma, lan Roma bisa juwara Seri A ing mangsa 2000/01.[1] Saka taun 2004 nganti tekan taun 2006, Capello uga tau nglatih Juventus.[1] Saiki Capello éntuk kapercayan kanggo nglatih tim nasional Inggris ana ing Piala Donya 2010 kang manggon ana ing Afrika Kidul.[1] Capello dikontrak nganti tekan taun 2012 déning fédherasi bal-balan Inggris utawa FA.[1]