Mendieta in 2018 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Gaizka Mendieta Zabala | ||
Tanggal lair | 27 Maret 1974 | ||
Papan lair | Bilbao, Spanyol | ||
Dhuwur | 1.73 m (5 ft 8 in) | ||
Posisi main | Midfielder | ||
Karir nom | |||
Castellón | |||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1992 | Castellón | 16 | (0) |
1992–1994 | Valencia B | 34 | (4) |
1993–2001 | Valencia | 230 | (44) |
2001–2004 | Lazio | 20 | (0) |
2002–2003 | → Barcelona (loan) | 33 | (4) |
2003–2004 | → Middlesbrough (loan) | 31 | (2) |
2004–2008 | Middlesbrough | 31 | (2) |
Gunggung | 395 | (56) | |
Tim nasional | |||
1991 | Spanyol U18 | 5 | (0) |
1993 | Spanyol U20 | 3 | (0) |
1992–1996 | Spanyol U21 | 13 | (0) |
1996 | Spanyol U23 | 2 | (0) |
1999–2002 | Spanyol | 40 | (8) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi. |
Gaizka Mendieta Zabala (pangucap cara Spanyol: [ˈgaiθka menˈdjeta θaˈβala], Cithakan:IPA-eu; lair tanggal 27 Maret 1974) ya iku pemain bal-balan Spanyol pénsiun kang main dadi gelandhang.
Gaizka dadi pemain kang serba bisa, nduwéni tèknik kang apik, prigel ing bab nyerang lan bisa nyipta gol kanggo kanggo tim. Dhèwèké main mligi kanggo klub Valencia CF, lan rampung kariré ing klub Middlesbrough ing Liga Utama Inggris.[1][2] Dhèwèké wis nglakoni sepuluh musim pertandhingan profésional, lan nglakoni 263 pertandhingan lan gawé 48 gol ing La Liga Spanyol.
Mendieta main nganti 40 pertandhingan kanggo timnas Spanyol, lan uga mbéla negara kasebut ing Piala Donya lan Piala Èropah.
Gaizka lair ing Kutha Bilbao, Basque, Spanyol, Mendieta miwiti debut profésional ing umur 17 taun ing klub CD Castellón ing Segunda División, lan dadi pemain bék ing klub iki'.[3][4]