Hukum Raoult ya iku hukum kang dicetuskake déning François M Raoult (1830-1901) kanggo nyinaoni sipat-sipat tekanan uwab larutan kang ngandut zat pelarut kang asipat nonvolatil, lan ngrembag ngenani aktivitas air.[1]
Unine hukum Raoult ya iku: tekanan uwab larutan ideal didayani déning tekanan uwab pelarut lan fraksi mol zat terlarut kang ana ing larutan mau.[1]
Sacara matematis ditulis minangka [1]:
Plarutan= Xterlarut. Ppelarut
Hukum Raoult wigati banget kanggo nyinaoni sipat karakteristik fisik saka larutan kayat ngitung cacahing molekul lan memprediksi masa molar sawijining zat (Mr)[2].
Kanggo larutan kang mèlu hukum Raoult, interaksi antarané molekul individual komponèn loro mau padha karo interaksi antarané molekul saben komponèn.[2] Larutan kaya iki karan larutan ideal[2] Tekanan total campuran gas ya iku cacahing tekanan parsial saben-saben komponèn manut hukum Raoult.[3]
Campuran ideal ya iku sawijining campuran kang nuruti hukum Raoult[2] Sebenere ora ana campuran kang bisa diarani ideal.[2] Nanging pirang-pirang campuran larutan kahanane bener-bener nyedaki kaanan kang ideal. Iki ya iku tuladhané[4]:
Ing campuran rong larutan kang bisa umub, hukum Raoult uga bisa digunakaké.[4]