Ignazio Abate | ||
Informasi Pribadi | ||
---|---|---|
Jeneng jangkep | Ignazio Abate | |
Tanggal lair | 12 Novèmber 1986 | |
Papan lair | Sant'Agata de' Goti, Italia | |
Dhuwur | 1.80 m (5 ft 11 in)[1] | |
Posisi main | Bèg tengen, Glandhang sayap | |
Club information | ||
Klub saiki | Milan | |
Nomer | 20 | |
|
Ignazio Abate (lair ing Sant'Agata de 'Goti, Benevento, Italia, 12 Novèmber 1986; umur 37 taun) ya iku salah sijining juru main bal-balan sing kebangsaané Italia sing main minangka bèg tengen kanggo AC Milan ing Seri A. Panjenengané dikenal minangka juru main kanthi kamampuan lumayu rikat lan mènèhi umpan akurat saka sisih lapangan.
Abate ya iku putra mantan kiper Beniamino Abate. Panjenengané miwiti karir karo tim yunior Milan. Saka taun 2004-2007, panjenengané disilihaké ing Napoli, Sampdoria lan Piacenza, Modena.
Tanggal 23 Juli 2008, Abate disilihaké ing Torino ing salah sijining kesepakatan kanduwènan bareng.[2] Tanggal 24 Juni 2009, panjenengané bali manèh ing Milan.[3]
Panjenengane debuté ing tim U-21 nglawan timnas Luksemburg U-21, 12 Dhésèmber 2006, nggantèkaké Marino Defendi ing menit 62.
Cithakan:Skuat Piala Éropah 2012 Italia