Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Jesse Ellis Lingard[1] | ||
Tanggal lair | 15 Dhésèmber 1992 | ||
Papan lair | Warrington, Inggris | ||
Dhuwur | 1.75 m (5 ft 9 in)[2] | ||
Posisi main | Glandhang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Manchester United | ||
Angka | 14 | ||
Karir nom | |||
2009–2011 | Manchester United | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2011– | Manchester United | 39 | (4) |
2012–2013 | → Leicester City (pinjaman) | 5 | (0) |
2013–2014 | → Birmingham City (pinjaman) | 13 | (6) |
2014 | → Brighton & Hove Albion (pinjaman) | 15 | (3) |
2015 | → Derby County (pinjaman) | 14 | (2) |
Tim nasional‡ | |||
2008 | Inggris U17 | 3 | (0) |
2013– | Inggris U21 | 5 | (0) |
2016– | Inggris | 3 | (0) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23:07, 19 February 2017 (UTC). |
Jesse Ellis Lingard (lair 15 Dhésèmber 1992) inggih punika satunggaling juru main bal-balan profésional saking Inggris, lan main ing posisi gelandhang serang, ingkang samenika main ing klub Liga Primér Inggris Manchester United F.C. lan Tim Nasional Inggris.[3]
Lingard lair ing Warrington, Cheshire[4]. Piyambakipun dados ngrembaka lan saya wasis ing akadhemi Manchester United lan kalebet angguta saking skuad ingkang menangaken FA Youth Cup 2010-11[5], saderengipun napakasmani kontrak profésional ing mangsa panas 2010[6].
Tanggal 6 Novèmber 2012, Lingard sareng kanca setunggal tim ingkang asmanipun Michael Keane gabung ing klub Leicester City kanthi status dipunampil ngantos dumugi 3 Dhésèmber 2012,[7] lajeng dipunpajangaken ngantos 2 Januari 2013.[8] Lingard nindakaken debut kanggé Leicester City ing tanggal 6 Novèmber 2012, ingkang wekdal samanten dados juru main penggantos ing menit ka-85 lan asil akhir 0-0 mengsah Bolton Wonderers.[9]