Artikel iki bagéyan saka sèri
Islam
Rukun Islam
Sahadat · Salat · Pasa
Jakat · Kaji
Rukun Iman
Allah · Kuran · Malaékat
Nabi · Dina Akhir
Qada & Qadar
Tokoh Islam
Mukamad
Nabi & Rasul · Sakabat
Ahlul Bait
Kutha suci
Mekkah ·Madinah · Yérusalem
Najaf · Karbala · Kufah
Kazimain · Mashhad ·Istanbul
Riyaya
Éjrah · Idul Fitri · Idul Adha
· Asyura · Ghadir Khum
Arsitèktur
Mesjid ·Menara ·Mihrab
Ka'bah · Arsitèktur Islam
Jabatan Fungsional
Khalifah ·Ulama ·
Imam·Mullah·Ayatullah · Mufti
Tèks & Ukum
Kuran ·Kadis · Sunah
Fiqih · Fatwa · Saréngat
Madahab
Sunni
Kanapi ·Kambali
Maliki ·Sapingi
Singah
Rolas Imam
Ismailiyah·Zaidiyah
Liyané
Ibadi · Khawarij
Murji'ah·Mu'taziliyah
Delengen uga
Gapura Islam
Indeks perkara Islam

Kadis (basa arab: الحديث) kanthi barès tegesé tetembungan utawa ujar. Sajeroning terminologi Islam tetembungan mau wujud ujar utawa sabdané Muhammad. Nanging asring tembung iki ngalami perluasan makna saéngga disinonimaké karo sunat saéngga tegesé kabèh sabda, lelaku, katetapan lan parsetujon saka Muhammad kang didadèkaké paugeran utawa ukum sajeroning agama. Kadis minangka sumber ukum sajeroning agama Islam duwé kalungguhan kaloro ana ing tataran sumber ukum ngisoré Kuran. Ing panganggone, ora samubarang kadis bisa katampa lan bisa kanggo dhasar ukum. Kanthi ngèlmu kadis (ingaran ngèlmu mustholah kadis), kadis-kadis kang ana diteliti sanad lan matane kanggo mangerteni sawijining kadis asli saka Muhammad utawa dudu kaya kang kapratelakake ing ngisor.

Struktur kadis

Sacara struktur kadis kapérang dadi rong komponèn utama yaiku sanad / isnad (ranté penutur) lan matan (redhaksi).

Conto:Musaddad ngabari yèn Yahyaa kaya déné diwartakaké déning Syu'bah, saka Qatadah saka Anas saka Rasulullah SAW, yèn Panjenengane medar sabda: "Ora sampurna iman sawenèh wong ing antarané kowé kabèh saéngga dhèwèké tresna marang seduluré apa kang ditresnani kanggo awaké dhéwé " (Kadis riwayat Bukhari)

Sanad

Sanad iku ranté penutur/perawi (periwayat) kadis. Sanad dumadi saka kabèh penutur wiwit saka wong kang nyathet kadis mau sajeroning bukuné (kitab kadis) nganti tekan Rasulullah. Sanad, mènèhi gambaran asli orané sawijining riwayat. Yèn dijupuk saka conto ing ndhuwur, sanad kadis iku mau:

Al-Bukhari > Musaddad > Yahyaa > Syu’bah > Qatadah > Anas > Muhammad

Sawijining kadis bisa nduwé sawatara sanad kanthi cacah penutur/perawi béda-béda sajeroning lapisan sanad-é, lapisan sajeroning sanad mau diarani thaqabah. Wigatiné cacahing sanad lan penutur sajeroning saben thaqabah sanad bakal nemtokaké drajat kadis mau, bab iki dijelasaké luwih cetha ana ing klasifikasi kadis. Dadi kang perlu dicermati sajeroning mangertèni kadis, kagandhèng karo sanad-é yaiku:

Matan

Matan iku redhaksi utawa isiné kadis. Saka conto ing ndhuwur, matan kadis mau yaiku:

""Ora sampurna iman sawenèh wong ing antarané kowé kabèh saéngga dhèwèké tresna marang seduluré apa kang ditresnani kanggo awaké dhéwé"

Kagandèng karo matan utawa redhaksi, kang perlu dicermati sajeroning mangertèni kadist yaiku:

Klasifikasi kadis

kadis bisa diklasifikasèkaké dhedhasar sawatara kritéria yaiku wiwitan pucuk sanad, wutuh orané ranté sanad, cacahé penutur (periwayat) sarta tingkat asli orané kadis (bis ditampa orané kadis mau)

Miturut pucuk sanad

Kanthi dhasar klasifikasi iki kadis dipérang dadi telung golongan yaiku marfu' (kaangkat), mauquf (mandheg) lan maqtu':

Asli orané kadis kang kapérang dadi golongan iki gumantung marang sawatara faktor liya kaya kaanan ranté sanad utawa penutur-é. Nanging klasifikasi iki tetep wigati banget amarga klasifikasi iki mbédakaké ucapan lan lelaku Rasulullah SAW saka ucapan para sahabat utawa tabi'in saéngga mupangati banget sajeroning perdhébatan sajeroning fikih (Suhaib Hasan, Science of kadis).

Miturut kautuhan ranté/lapisan sanad

Adhedhasar klasifikasi iki kadis kapérang dadi sawatara golongan yaiku Musnad, Munqati', Mu'allaq, Mu'dal lan Mursal. Kautuhan ranté sanad maksudé yaiku saben penutur ing saben tataran dimungkinaké kanthi wektu lan kondhisi kanggo krungu saka penutur sadhuwuré.

Ilustrasi sanad: Pencatat kadis > penutur 4> penutur 3 > penutur 2 (tabi'in) > penutur 1(Para sahabat) > Rasulullah SAW

Miturut cacahing penutur

Cacahing penutur kang dimaksud yaiku cacahing penutur sajeroning saben tataran saka sanad, utawa anané sawatara jalur kang béda kang dadi sanad kadis mau. Miturut klasifikasi iki kadis dipérang dadi loro yaiku kadis Mutawatir lan kadis Ahad.

Miturut tataran asli orané

Kategorisasi tataran kaaslian kadis yaiku klasifikasi kang paling wigati lan wujud kesimpulan marang tataran dinampa utawa ditulaké kadis mau. Tataran kadis ing klasifikasi iki kapérang dadi 4 tataran yaiku shahih, hasan, da'if lan maudu'

Jinis-jinis liya

Ana sawatara jinis kadis liya kang ora disebutaké sajeroning klasifikasi ing dhuwur antarané:

Periwayat kadis

Samak kitab kadis Sahih Bukhari

Periwayat kadis kang ditampa déning Muslim Sunni

Aturan-aturan kadis saka Sunni éntuk wangun pungkasané kurang luwih 3 abad sawisé wafaté Muhammad. Èlmuwan kadis kang banjur ndhébataké kaotentikan sawatara kadis nanging otoritas saka buku-buku mau mundhak pesat. Aturan-aturan iki, ana kang nyatakaké kanthi Koleksi Enem kadis Utama ana uga kanthi Koleksi Pitu kadis Utama, kalebu:

  1. Shahih Bukhari, disusun déning Bukhari (194-256 H)
  2. Shahih Muslim, disusun déning Muslim (204-262 H)
  3. Sunan Abu Daud, disusun déning Abu Dawud (202-275 H)
  4. Sunan at-Turmudzi, disusun déning Imam Turmudzi(209-279 H)
  5. Sunan an-Nasa'i, disusun déning Imam Nasa'i (215-303 H)
  6. Sunan Ibnu Majah, disusun déning Ibnu Majah (209-273).

Shahih Bukhari lan Shahih Muslim lumrahé dianggep kang paling dipercaya saka koleksi iki. Ana sawatara perdhbatan bab apa anggota angka 6 saka aturan iki kuduné Ibnu Majah utawa Al Muwaththa saka Imam Malik. Saliyané iku, ana uga kang nglebokaké Musnad saka Ahmad bin Hanbal minangka péranganing aturan mau.

Periwayat kadis yang ditampa déning Muslim Singah

Muslim Singah mung percaya kadis kang diriwayataké déning katurunan Muhammad saw, liwat Fatimah az-Zahra, utawa déning pameluk Islam wiwitan kang mihak Ali bin Abi Thalib. Singah ora migunakaké kadis kang asalé utawa diriwayataké déning wong kang miturut kaum Singah didhaku mungsuhi Ali, kaya Aisyah, garwa Muhammad saw, kang nglawan Ali ing Perang Jamal.

Ana sawatara sekte sajeroning Singah, nanging sapérangan gedhé migunakaké:

Kitab-kitab kadis

Adhedhasar mangsa penghimpunan kadis

Abad kaping-2 H

Sawetara kitab kang misuwur:

  1. Al Muwaththa déning Malik bin Anas
  2. Al Musnad déning Asy-Syafi'i (taun 150 - 204 H / 767 - 820 M)
  3. Mukhtaliful kadist déning Asy-Syafi'i
  4. Al Jami' déning Abdurrazzaq Ash Shan'ani
  5. Mushannaf Syu'bah déning Syu'bah bin Hajjaj (taun 82 - 160 H / 701 - 776 M)
  6. Mushannaf Sufyan déning Sufyan bin Uyainah (taun 107 - 190 H / 725 - 814 M)
  7. Mushannaf Al Laist déning Al Laist bin Sa'ad (taun 94 - 175 / 713 - 792 M)
  8. As Sunan Al Auza'i déning Al Auza'i (taun 88 - 157 / 707 - 773 M)
  9. As Sunan Al Humaidi (séda taun 219 H / 834 M)
Saka kasanga kitab mau kang olèh kawigatèn banget déning para ulama mung telu, yaiku Al Muwaththa', Al Musnad lan Mukhtaliful kadist. Déné saluwihé kurang olèh kawigatèn banjur ilang.

Abad ke 3 H

  1. Al Jami'ush Shahih Bukhari déning Imam Bukhari (194-256 H / 810-870 M)
  2. Al Jami'ush Shahih Muslim déning Imam Muslim (204-261 H / 820-875 M)
  3. As Sunan Ibnu Majah déning Ibnu Majah (207-273 H / 824-887 M)
  4. As Sunan Abu Dawud déning Abu Dawud (202-275 H / 817-889 M)
  5. As Sunan At Tirmidzi déning At Tirmidzi (209-279 H / 825-892 M)
  6. As Sunan Nasai déning An Nasai (225-303 H / 839-915 M)
  7. As Sunan Darimi déning Darimi (181-255 H / 797-869 M)
  8. Al Muntaqa déning Ibnu Jarud (séda 307 H / 920 M)
  9. Al Musnad Al Humaidi déning Ali Madaini (161-234 H / 777-848 M)
  10. Al Musnad Al Bazar déning Al Bazar (séda 290 H / 905 M)
  11. Al Musnad Baqi bin Mukhlad déning Baqi bin Mukhlad (131-176 H / 846-889 M)
  12. Al Musnad Ibnu Rahawaih déning Ibnu Rahawaih (161-238 H / 778-852 M)
Sakumpulan kitab wiwit nomer 1 nganti 6 iki kerep ingaran minangka kutubus sittah (kitab kang enem).

Abad ke 4 H

  1. Al Mu'jamul Kabir déning Ath Thabarani (260-340 H / 873-952 M)
  2. Al Mu'jamul Ausath déning Ath Thabarani (260-340 H / 873-952 M)
  3. Al Mu'jamush Shaghir déning Ath Thabarani (260-340 H / 873-952 M)
  4. Al Mustadrak déning Al Hakim (321-405 H / 933-1014 M)
  5. Ash Shahih déning Ibnu Khuzaimah (233-311 H / 838-924 M)
  6. At Taqasim wal Anwa' déning Abu Awwanah (séda 316 H / 928 M)
  7. As Shahih déning Abu Hatim bin Hibban (séda 354 H/ 965 M)
  8. Al Muntaqa déning Ibnu Sakan (séda 353 H / 964 M)
  9. As Sunan déning Ad Daruquthni (306-385 H / 919-995 M)
  10. Al Mushannaf déning Ath Thahawi (239-321 H / 853-933 M)
  11. Al Musnad déning Ibnu Nashar Ar Razi (séda 301 H / 913 M)

Abad ke 5 H lan sabanjuré

  • Kanthi sumber saka kutubus sittah waé
  1. Jami'ul Ushul déning Ibnu Atsir Al Jazari (556-630 H / 1160-1233 M)
  2. Tashiful Wushul déning Al Fairuz Zabadi (? - ? H / ? - 1084 M)
  • Kanthi sumber saka kkutubus sittah lan kitab liyané, yaiku Jami'ul Masanid déning Ibnu Katsir (706-774 H / 1302-1373 M)
  • Kanthi sumber saka saliyané kutubus sittah, yaiku Jami'ush Shaghir déning As Sayuthi (849-911 H / 1445-1505 M)
  • Kitab kadis Hukum, ing antarané:
  1. Sunan déning Ad Daruquthni (306-385 H / 919-995 M)
  2. As Sunannul Kubra déning Al Baihaqi (384-458 H / 994-1066 M)
  3. Al Imam déning Ibnul Daqiqil 'Id (625-702 H / 1228-1302 M)
  4. Muntaqal Akhbar déning Majduddin Al Hirani (? - 652 H / ? - 1254 M)
  5. Bulughul Maram déning Ibnu Hajar Al Asqalani (773-852 H / 1371-1448 M)
  6. 'Umdatul Ahkam déning 'Abdul Ghani Al Maqdisi (541-600 H / 1146-1203 M)
  7. Al Muharrar déning Ibnu Qadamah Al Maqdisi (675-744 H / 1276-1343 M)
  • Kitab kadis Akhlaq
  1. At Targhib wat Tarhib déning Al Mundziri (581-656 H / 1185-1258 M)
  2. Riyadhus Shalihin déning Imam Nawawi (631-676 H / 1233-1277 M)
  1. Kanggo Shahih Bukhari ana Fathul Bari déning Ibnu Hajar Asqalani (773-852 H / 1371-1448 M)
  2. Kanggo Shahih Muslim ana Minhajul Muhadditsin déning Imam Nawai (631-676 H / 1233-1277 M)
  3. Kanggo Shahih Muslim ana Al Mu'allim déning Al Maziri (séda 536 H / 1142 M)
  4. Kanggo Muntaqal Akhbar ana Nailul Authar déning As Syaukani (séda 1250 H / 1834 M)
  5. Kanggo Bulughul Maram ana Subulussalam déning Ash Shan'ani (séda 1099 H / 1687 M)
  1. Kanggo Shahih Bukhari ing antarané Tajridush Shahih déning Al Husain bin Mubarrak (546-631 H / 1152-1233 M)
  2. Kanggo Shahih Muslim ing antarané Mukhtashar déning Al Mundziri (581-656 H / 1185-1258 M)

Réferènsi

Pranala njaba