Kalki | |
---|---|
![]() |
Wonten ing agama Hindhu, Kalki (Dewanagari: कल्कि; IAST: Kalki ; ugi dipunserat minangka Kalkin saha Kalaki) inggih punika awatara Wisnu ingkang angka sedasa utawi ingkang pungkasan, ingkang samangké bakal tumeka wonten ing pungkasaning jaman Kali yuga.[1] Asma Kalki asring dipunsebut minangka éwah-ewahanipun kanggé wekdal kaliyan keabadian. Manéka warna tradisi kangungan manéka warna kapitadosan saha pamikiring babagan kapan, kados pundi, wonten pundi, saha kénging punapa Kalki bakal medal. Penggambaran ingkang umum babagan Kalki, Beliau inggih punika awatara ingkang nitih turangga putih (manéka sumber nyébataken nama turangganipun Devadatta [anugerah (déwa Hindhu saha dipunlukisaken minangka turangga ingkang saged mabur). Kalki gadhah pedang ingkang dipun-ginakaken kanggé mbrasta angkara murka saha iblis Kali, sabibaripun saged nengenaken malih dharma saha miwiti jaman énggal.[2]
Tembung kalki asring minangka sawijining kiasan saking "kekekalan" utawi "wekdal". Asal muasalipun nama mau dipunprakirakaken saking tembung "kalka ingkang ngemu teges "reged", utawi "nistha" saha amargi punika "Kalki" ateges "Pambrasta angkara murka". Wonten ing basa Hindi, kalki avatar ateges "inkarnasi ing mangsa ingkang badhé kalampahan".[3]
Salah satunggaling sumber ingkang kapisan nyebutaken tembung Kalki inggih punika Wisnupurana, ingkang dipunduga medal sabibaripun mangsa "Karajan Gupta" antawis abad ke-7 SM. Wisnu inggih punika déwa pamelihara saha palindung, salah satunggal saking Trimurti, saha minangka panengah ingkang nimbang pancaipta saha pamralina. Kalki ugi wonten ing salah satunggal saking 18 kitabPurana ingkang utama, Agnipurana. Kitab Purana ingkang ngamot mliginipun babagan Kalki inggih punika Kalkipurana. Wonten ing kitab mau karembag kapan, wonten ing pundi, kados pundi, sarta kénging punpa Kalki Awatara njalma.[4]
Kanthah panulis ing mangsa pun ika ingkang nyobi gayutaken tokoh wonten ing sajarah punika kaliyan Kalki. Pétungan tradhisional babagan wekdal jaman Kaliyuga inggih punika antawis 432.000 taun[5] saha kawiwitan taun 3102 SM,[6] damel pamanggih-pamanggih mau boten gampilo dipuntampi. Kathah sarjana kados ta Sri Yukteswar Giri saha David Frawley ingkang suka pamanggih bilih wonten siklus pertengahan wonten ing siklus 432.000 taun.[7][8]
Kalki | ||
---|---|---|
Sebelumnya: (({sadurungé))} |
Awatara Wisnu terakhir |
Berikutnya: (({sawisé))} |
Awatara Wisnu | ![]() |
---|---|
Matsya | Kurma | Waraha | Narasinga | Wamana | Parasurama | Rama | Kresna | Baladewa (Balarama) | Buddha | Kalki |