Kimia (basa Arab: كيمياء utawa basa Griki: χημεία "khemeia") iku ngèlmu kang manyinaoni sifating dat-dat dhasar matéri kang ana ing jagat. Ngèlmu iki nyinaoni sipat dhasar, pangowahan lan interaksi atom-atom, ya iku dat-dat dhasar matéri.
Olèhé manyinaoni ngèlmu iki, papané ana ing laboratorium.
Babagan-babagan mirunggan ngèlmu kimia iku antarané:
Artikel utama bab: Atom.
Atom iku ékan matèri kang cilik bangét kang ketata saking:
Artikel utama bab: Unsur kimia.
Unsur Kimia iku kelompok atom kang duwé jumlah proton kang pada ing jero inti atom utawa nuklèus/inti. Jumlah iku diarani nomer atom unsur. Kanggo conto: kabèh atom kang duwè proton 6 iji ing intiné iku mesthi atom saka unsur kimia karbon, utawa kabèh atom kang duwé proton 92 iji ing inti/nukleuse mesthi atom unsur uranium.
Tampilan unsur-unsur iku paling pas tur gampang dipahami ana ing tabel périodik. Ing tabel périodik iku unsur kimia ditata miturut lambang unsur lan nomer atomé.
Cabang-cabang utama ngèlmu kimia iku antarané:
Saliyané iku uga ana cabang-cabang mirunggan kang mbahas kaitan ngèlmu kimia iki kaliyan ngèlmu liyané contoné:
Cithakan:Cabang ngèlmu alam