Konflik Gaza 2008-2009 | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Péranganing Konflik Israèl-Palestina | |||||||
Wewengkon konflik | |||||||
| |||||||
Péhak kang perang | |||||||
Israèl | Jihad Islam Palestina | ||||||
Pangarep | |||||||
Ehud Barak Gabi Ashkenazi Ido Nehoshtan (IAF) Eli Marom (ISC) Yoav Galant (SoCom) Yair Golan (HFC) |
Ismail Haniyeh Mahmoud az-Zahar Ahmed al-Ja'abari Osama Mazini | ||||||
Kakuwatan | |||||||
176.500 wadya reguler (total)[1] |
10,000[2] 20,000 anggota Hamas ing Gaza | ||||||
Kurban | |||||||
10 tiwas 84 tatu[3] |
+700 tiwas, kalebu:[4] 219 bocah 89 wadon ± 3100 tatu. |
Konflik Gaza 2008-2009iku tegesé konflik sing lumaku antara Israèl lan Hamas, sing kadadéan sawisé kadaluwarsané gencatan senjata sajeroning 6 sasi.[5] Israèl nglancaraké serangan udara, diarani Operasi Cast Lead (Ivri: מבצע עופרת יצוקה , Mivtza Oferet Yetzukah), marang Lurung Gaza minangka walesan marang serangan roket saka Gaza lan Hamas.
Sawijining jajak penemu sing dianakaké déning ariwarta Haaretz nuduhaké yèn masarakat Israèl ana ingsamburiné operasi iku. Malah, saliyané 52 persèn sing njurung serangan udara, ana 19 persèn sing ngarepaké serangan dharat. Saka bab iki, ana 25 persèn sing nganjuraké énggal gencatan senjata. Perkembangan iki nylametaké popularitas koalisi Parté Kadima (Mantri Luar Negeri Tzipi Livni) lan Parté Buruh (Mantri Pertahanan Ehud Barak), sing mlorot nalika ngadhepi Benjamin Netanyahu sing ultranasionalis[6].
Perang iki bisa-bisa bakal tansaya ambra-ambra sawisé telu utawa lima roket sing diculaké saka Libanon ngantem telung lokasi ing wewengkon Galilee Israèl lor. Témbakan roket saka njaban Palestina iku nyilakani wong loro.[7] Israèl mbales némbakaké 6 mortir menyang Libanon. Durung diweruhi apa ana kurban jiwa saka serangan Israèl mau.[8]
((cite news))
: Check date values in: |accessdate=
and |date=
(pitulung)