Koperasi ya iku organisasi kang otonom kang ana ing lingkungan sosial ékonomi.[1] Koperasi duwé sistem kang duwé ancas kang otonom.[1] Tujuwan iki digawé kanthi dhasar kasepakatan saben wong. Tujuwan iki diwujudaké kanthi anané aktivitas ékonomi kang ditindakaké kanthi bareng-bareng.[1] Ing UU taun 1992, koperasi didefinisiaké dadi badan usaha kang anggotané wong-wong utawa badan hukumhukum koperasi kang landhasan kagiyatané ya iku prinsip-prinsip koperasi lan obahan ékonomi rakyat kang dhasaré asas kekeluargaan.[1]
Prinsip koperasi ya iku sistem kang kasusun déning pamikiran-pamikiran abstrakabstrak kang didedukasi karo ahli-ahli koperasi saka pangalaman praktik kang wis dibuktékaké ing jaman dhisik kang dadi garis-garis panuntun kang paling cocog kanggo sapa waé kang kepéngin yasa koperasi kang éféktif lan bisa langgeng.[1] Ing Indonésia, prinsip koperasi kang wis ditulis ing UU No. 12 Taun 1967 lan UU No. 25 Taun 1992. Ing UU No. 25 Tahun 1992, prinsip koperasi ya iku[1]
Kanthi kagiyatan rekomendasirekomendasi saka para ahli, ICA wis ngrembakakaké prinsip koperasi anyar lan ngilangaké prinsip-prinsip kang dikembangaké karo koperasi Rochdale.[2] Prinsip koperasi anyar kang dikembangaké ICA ya iku:[2]