Canine scabies mite.JPG

Kudis utawa scabiés ya iku lelara kulit sing disebabaké déning tungau (mite) Sarcoptes scabiei sing racaké ciriné ana keropeng, botak, lan gatel ing kulit [1]

Sarcoptes scabiei ya iku tungau duwé ciri-ciri wujud ameh bunder duwé 8 sikil cekak, pipih, ukurane wantara (300–600 μ) x (250-400 μ) sing wadon, lan (200-240 μ) x (150-200 μ) sing lanang, racaké urip ing lapisan epidermis [2]. Permukaan dorsal teka tungau iki ditutupi déning lipatan lan lekukan wujud garis melintang dadi bisa ngasilaké sejumlah skala segitiga cilik [3]. Saliyané kui, sing wadon duwé bulu cambuk ing pasangan sikil kaping 3 lan kaping 4 lan ning lanang, bulu cambuk ana ing pasangan sikil kaping 3 [4]

Prosès Penyakit

prosès lelara kudis ya iku:[2]

Kanggo nyeleseake daur hidup teka endhog nganti ngendhog manèhmbutuhake wektu wantara 10-14 dina.[2] Waktu sing diperluke endhog dadi tungau diwasa wantarane 17 dina.[2] Tungau wadon sing tinggal ing kantong ujung terowongan, sawisé 4-5 dina sawisé kopulasi, bisa ngendhok manèh nganti umuré kurang luwih 3-4 minggu [2].

Tandha-tandha

Tandha-tandha sing kas ing kudis ya iku liang ing lumah kulit, gatel, lan abang lan racaké ana infeksi sekunder, upamané akibat baktèri [5]. Ing bayi, tandha-tandha sing kas ya iku anané bisul ing telapak sikil lan telapak tangan [5]

Diagnosa

Kanggo diagnosa kudis iki bisa nganggo kerokan kulit ing keropeng nganti metu darah nganggo skalpel. Hasile kerokan kulit iku ditetesi KOH 10% ben tungau pisah teka reruntuhane jaringan kulit sing digawa kui. Banjur campuran mau diperiksa ing ngisor mikroskop [6]

Pencegahan

ora ana vaksin kanggo kudis dadine pencegahan kudu ngindari infeksi [2]. Kabèh pihan sing ana ing cedhak penderita perlu ditambani ing waktu bebarengan, walaupun durung ana tandha-tandha. Sandangan, handuk, seprai lan barang-barang sing bersentuhan karo kulit apike dicuci lan disetrika kanggo ncegah panularan.

Acarodermatitis_Fuß.jpg
Acarodermatitis_Arm.jpg
Acarodermatitis_Hand.jpg
Acarodermatitis_Finger.jpg

Rujukan

  1. Barhoom S and Dalaab AH. 2009. Clinico-pathological and Control Studies of Mange Caused by sarcoptes scabie in Naturally Infected Sheep and Goats Tulkarem Governorate
  2. a b c d e f Shttp://jv.wikipedia.org/wiki/Astamiwa:Perubahan_terbaruTèks gedhéubronto. 2006. Penyakit Infeksi Parasit dan Mikroba padha Anjing dan Kucing. Yogyakarja: Gadjah Mada University
  3. Lapaga Goffrey. 1962. Monnig’s Veterinary Helminthology and Entomology. 5th ed. London: Bailliere, Tindall and Cox. P: 516-528
  4. "Iskandar T. 2000. Masalah Skabies Pada Hewan dan Manusia serta Penanggulangannya". Diarsip saka sing asli ing 2014-10-22. Dibukak ing 2012-11-27.
  5. a b "Scabies" (PDF). DermNet NZ. New Zealand Dermatological Society Incorporated. Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2009-03-27. Dibukak ing 2012-11-27.
  6. Hadi UK dan Soviana S. 2000. Ektoparasit: Pengenalan, Diagnosis dan Pengendaliannya. Bogor: IPB. P: 65-118