Biglia wekdal ing timnas Argentina taun 2011 | |||
Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Lucas Rodrigo Biglia | ||
Tanggal lair | 30 Januari 1986 | ||
Papan lair | Mercedes, Buenos Aires, Argentina | ||
Dhuwur | 1.78 m (5 ft 10 in)[1][2] | ||
Posisi main | Glandhang | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | AC Milan | ||
Angka | 21 | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
2004–2005 | Argentinos Juniors | 17 | (1) |
2005–2006 | Independiente | 49 | (0) |
2006–2013 | Anderlecht | 221 | (12) |
2013–2017 | Lazio | 109 | (13) |
2017–saiki | Milan | 18 | (1) |
Tim nasional‡ | |||
2003 | Argentina U17 | 3 | (1) |
2005 | Argentina U20 | 8 | (1) |
2011–saiki | Argentina | 55 | (1) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 10 February 2018. |
Lucas Rodrigo Biglia (pangucap cara Spanyol: [ˈlukas roˈðɾiɣo ˈβiɣlja];[3] (miyos 30 Januari 1986)[4] inggih menika satunggaling pemain bal-balan profésional saking Argèntina ingkang main bal ing klub Seri A Italia A.C. Milan, piyambakipun dados pemain glandhang.
Sadèrèngipun nggabung kaliyan Milan, piyambakipun sampun main pitung mangsa ing Anderlecht, lan damel 312 penampilan ing Liga Pro Bèlgi, menangaken sekawan medali Argentinos Juniors lan Club Atlético Independiente. Piyambakipun lajeng nelasaken sekawan mangsa kaliyan tim Italia Lazio, sadèrèngipun nggabung kaliyan Milan ing taun 2017.
Biglia nampi amanah kanggé main ing tim nasional Argèntina U-20 lan menangaken Piala Donya Youth Championship FIFA 2005.[5] Piyambakipun makili negaranipun ing Piala Donya FIFA 2014, lan nggayuh ngantos semi final, lan ing tigang turnamèn Copa Amerika, menangaken medali kalih ing Copa Amerika 2015 lan Copa Amerika Centenario 2016.