Luwak
Luwak, Paradoxurus hermaphroditus.
Lukisan déning Gustav Mützel, 1927.
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Viverridae
Subfamili: Paradoxurinae
Génus: Paradoxurus
F. Cuvier, 1821
Spésies: P. hermaphroditus
Jeneng binomial
Paradoxurus hermaphroditus
(Pallas, 1777).

Luwak iku kéwan nyusoni (mamalia) kang kalebu suku musang lan garangan (Viverridae). Jeneng ngèlmiahé ya iku Paradoxurus hermaphroditus lan ing Malaysia ditepungi minangka musang pulut. Kéwan iki uga diarani mawa manéka sebutan liya kaya ta musang (jeneng umum, Betawi), careuh (Sundha), musang luwak (Indonesia) sarta common palm civet, common musang, house musang utawa toddy cat sajeroning basa Inggris.

Jinis kang sakerabat lan panyebaran

Ana papat spésies luwak saka marga Paradoxurus, ya iku:

  1. Paradoxurus hermaphroditus, luwak, kang nyebar wiyar wiwit saka India lan pérangan lor Pakistan ing kulon, Sri Lanka, Bangladesh, Burma, Asia Kidul-Wétan, Tiongkok kidul, Ujung Malaya tekan Filipina. Ing Indonésia ana ing Sumatra, Kalimantan, Jawa, Nusa Tenggara, Sulawesi pérangan kidul, sarta Taliabu lan Seram ing Maluku.
  2. Paradoxurus zeylonensis, nyebar winates ing Sri Lanka.
  3. Paradoxurus jerdoni, nyebar winates ing praja Kerala, India kidul.
  4. Paradoxurus lignicolor, nyebar winates ing Kapuloan Mentawai.

Jinis kang sarupa

Rujukan

Pranala njaba