Wikipedia ora tanggung jawab lan ora bisa njamin yèn informasi kedhokteran sing dipratélakaké ing kaca iki bener.Mangga nyuwun pituduh saka tenaga medhis sing profèsional sadurungé ngayahi pangobatan.
Sel getih abang sing kainfèksi déning P.vivax

Malaria iku sajinis lelara nular sing ngakibataké watara 350-500 yuta wong kainfèksi lan punjul 1 yuta mati saben taun, mligi ing laladan tropis lan ing Afrika.

Kanggo panemuan ngenani jalaran malaria, siji dhokter militèr Prancis Charles Louis Alphonse Laveran dianugerahi Bebungah Nobel kanggo Fisiologi lan Medis ing taun 1907.

Sebab lan tandha-tandha

Malaria disebabaké déning parasit protozoa. Plasmodium (salah siji Apicomplexa) lan panularan vèktor kanggo parasit malaria manungsa ya iku lemut Anopheles. Rupa saka Plasmodium falciparum saka parasit iki tanggung jawab marang 80% kasus lan 90% pepati.

Tandha-tandha malaria kalebu demam, nggreges, arthralgia (lara sendhi), muntah-muntah, anemia, lan kejang.

Pangobatan

Pangobatan malaria gumantung marang jinis parasit lan résistènsi parasit marang klorokuin.

Kanggo siji serangan malaria falciparum akut kanthi parasit sing résisten marang klorokuin, bisa diwènèhi kuinin utawa kuinidin kanthi intravena. Sajeroning jinis malaria liyané arang kadadéan résistènsi marang klorokuin, amarga saka iku racaké diwènèhi klorokuin lan primakuin.

Prinsip pananganan malaria kanthi umum ya iku yèn tanpa komplikasi diwènèhi peroral artesunat kombinasi karo amodiakuin (artesdiakuin) utawa coartem utawa duo-cotexcin, déné malaria kanthi komplikasi diwènèhi artesunat 2,4 mg/kgbb ing jam ka 0 - 12 - 24 - 72 lan saterusé nganti pasien bisa diterapi kanthi oral utawa digunakaké artemeter 3,2 mg/kgbb diterusaké nganggo 1,6 mg/kgbb.

Réferènsi

Pranala njaba

Vaksin lan riset liyané

DDT

Animasi, gambar, lan foto