Jinis | Roti |
---|---|
Ajangan | Nyamikan |
Panggonan asal | Indonésia |
Tlatah utawa praja | Kabupatén Purbalingga |
Hawa ajangan | Adhem |
Woworan pokok | Glepung, Endhog, Gula |
Variasi | Mino (mini nopia) |
Katerangan liyané | Racaké dadi olèh-olèh |
Buku masakan: Nopia Médhia: Nopia |
Nopia yaiku salah siji jajanan khas saka kabupatèn Purbalingga.[1] Nopia awujud roti garing kang bentukè lonjong.[1] Nopia yèn ing Semarang dikenal karo jeneng Èndhog Gludug.[2] Nopia digawè saka adonan glepung kang njeronè diisi gula jawa kang dipanggang nganggo tungku kang mirunggan.[2][3] Nopia duwè kulit kang atos lan renyah.[4] Sakliyanè Nopia ana uga Mino yaiku mini nopia utawa nopia kang ukuranè cilik.[4] Nopia uga ana kang bentukè kaya endhog gajah, gedhé nanging njeronè kosong lan gula jawanè nempel ana ing pinggir sisih njero kulit nopia iki.[4] Nopia umumè rasa aslinè yaiku rasa brambang gorèng nanging saiki uga wis ana nopia kang isi durèn, coklat, lan nangka.[4] Prosèsè ngoven nopia antranè 30 menit.
Bahan gawé nopia dipérang dadi loro, yaiku pérangan kulit lan pérangan isi [5].
Pérangan kulit:
Pérangan isi:
Gawè nopia isih nganggo cara kang tradhisional.[4] Kanggo gawè kulit yaiku glepung trigu dicampur banyu banjur diaduk-aduk nganti dadi adonan.[4] Adonan iku mau banjur digawé bunder-bunder gedhènè sak jempol-jempol.Sakwisè iku banjur bunderan mau diisi nganggo gula jawa kang wis diremuk.[4] Sakwisè dadi banjur dioven nganti tekan mateng.[4]