Stadion Moch. Soebroto Kandhang sauntara PSIS Semarang
PSIS Semarang
Logo PSIS
Jeneng dawaPersatuan Bal-balan
Indonésia Semarang
ParabanWarak ngendok
Laskar Mahesa jenar
Laskar Pandanaran
Yasa18 Mèi 1932
SetadhiyonJatidiri & Citarum,
Semarang,
Indonésia.
Momotan40.000
PanglatihBrazil Sérgio Alexandre
LigaLiga 1
2023-2024ke-6
Kandhang
Njaban

Persatuan Bal-balan Indonésia Semarang utawaPSIS Semarang yaiku klub bal-balan kang duwé markas ana ing Kutha Semarang, Indonésia kanthi stadion kang jenenge Stadion Jatidiri Semarang.[1] Jejuluk kanggo klub iki yaiku "Laskar Mahesa Jenar".[1] PSIS Semarang yaiku klub pisanan ing Liga Indonésia kang tau dadi juara Divisi Utama taun (1999) lan banjur degradasi menyang divisi I ana ing mangsa sabanjuré yaiku taun (2000).[1] PSIS bisa dadi juara ana ing kompetisi Divisi I nasional (2001), lan bisa main ana ing Divisi Utama Liga Indonésia.[1] PSIS Semarang uga kacathet dadi klub nomer telu kang tau dadi juara ing Liga Perserikatan lan Divisi Utama Liga Indonésia, sawisé Persib Bandung lan Persebaya Surabaya.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Sajarah tim bal-balan kutha Semarang iki ana wiwit jaman dhisik nalika Kutha iki isih ana ing panguwasane pamaréntah kolonial.[2] Kang pisanan kacathet yaiku tim bal-balan UNION kang dibéntuk tanggal 2 Juli 1911. UNION dhéwé yaiku sebutan kanggo tim kang duwé jeneng Tionghoa Hoa Yoe Hwee Koan.[2] Tim iki éntuk hak rechspersoon taun 1917 saka pamaréntah kolonial.[2] Sabanjuré uga ana tim kang jenenge Comite Kampioens-wedstrijden Tionghoa (CKTH) kanthi gedung ulah raga ana ing wewengkon Seteran.[2] Nalika taun 1926 tim iki maleh jeneng dadi Hwa Nan Voetbalbond (HNV).[2] Kacathet klub Hwa Nan iki wis tau main lawan tim saka manca yaiku tim saka Taiwan, Loh Hua Team Voetbalbond.[2]

Pangaji

[besut | besut sumber]

Pratélan pangaji PSIS Semarang.[2]

[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e "PSIS Cyber Supporters Community www.pcsc-id.com". Diarsip saka sing asli ing 2011-09-03. Dibukak ing 2011-07-17.
  2. a b c d e f g h Situs web resmi, www.psis-fc.com