Stadhion Mattoangin-Andi Mattalata Kandhang PSM Makassar
PSM Makassar
Logo PSM
Jeneng dawaPersatuan Sepakbola Makassar
ParabanJuku Eja
Pasukan Ramang
(Ayam Jantan dari Timur)
Yasa2 November 1915
SetadhiyonAndi Mattalatta,
Makassar, Indonésia
Momotan30.000
LigaLiga Indonésia
2023/2411.
Kandhang
Njaban
Current season

Persatuan Sepak bola Makassar (disingkat PSM Makassar) ya iku sawijining tim bal-balan Indonésia kang duwé basisi ing Kutha Makassar, Sulawesi Kidul, Indonésia.[1] PSM Makassar saiki main ana ing kompetisi Liga Primer Indonésia, sawisé mundur saka kompetisi Liga Super Indonésia ana ing Dhésèmber 2010.[1] PSM Makassar dadi salah siji tim paling kuwat ing Indonésia lan wis tau makili Indonésia ana ing Liga Champions Asia kaping pindo.[2] PSM Makasar dadi tim kang duwé cathetan prestasi paling stabil ing pentas Liga Indonésia, kanthi sapisan dadi juara, kaping papat dadi runner up, lan sapisan gagal lumebu putaran final.[1]

Sajarah

[besut | besut sumber]

Sajarah PSM Makasar diwiwiti tanggal 2 November 1915 kang dinyatakake dadi dina ngadege perkumpulan bal-balan kang dijenengi Makassar Voetbal Bond (MVB) kang sabanjuré dadi Persatuan Bal-balan Makassar (PSM).[1] Ana ing perjalanan prestasine, MVB nampilake wong-wong bumi putera ana ing jajaran elite bal-balan Hindia Walanda kaya ta Sagi lan Sangkala dadi juru main andal lan uga promotor kang disegani ana ing kalangan wong Walanda.[1] Ana ing jaman semana antarané taun 1926-1940, MVB wis nglakoni tetandhingan karo kesebelasan saka nagari lan uga saka mancanagara, kaya tim ing Jawa, Quick, Excelcior, HBS, lan klub-klub liyané saka Sumatera, Borneo, lan Bali.[1] Tim saka manca kang tau dadi lawan ya iku tim saka Hongkong lan Australia.[1] Nalika umuré 25 taun, kagiyatan MVB wiwit kalong nalika wadyabala saka Jepang ing Makassar.[1] Wong-wong Walanda kang kalebu ana ing MVB ditangkep.[1] Pemain-juru main pribumi didadèkaké Romusa, lan separone dikirim menyang Burman (saiki Myanmar).[1] MVB banjur lumpuh total, kaya tim-tim saka Indonésia liyané.[1] Ing Makassar, nalika jaman semana kang ana ambu Walanda mutlak dilenyapake, sawalike kanggo golèk panjurung saka masarakat, Jepang mbebasake masarakat kanggo nggunakaké jeneng-jeneng Indonésia.[1] lan MVB uga ganti jeneng dadi Persatuan Sepak bola Makassar (PSM).[1]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]

Pranala njawi

[besut | besut sumber]