Anggènipun nabuh gamelan boten saged uwal saking aturan pathet

Pathet punika ukuran inggil lan andhapipun gendhing (swanten gamelan).[1] Pathet punika ingkang dados patokan runtut lan saenipun gendhing.[1] Pathet dados wates inggil lan andhapipun tata caca nabuh gamelan.[1] Cara nabuh gamelan slendra lan pélog kanthi nganggé pathet ingkang kapérang dados tigang jinis, inggih punika:[1]

Ing salebeting pakem pewayangan, pathet nem (jam 21.00-24.00), dipunwiwiti saking adegan istana ngantos perang rampogan utawi perang gagal.[1] Pathet sanga (jam 24.00-03.00), sasampunipun perang kembang ngantos sasampunipun adegan pertapan.[1] Pathet manyura (jam 03.00-06.00), sasampunipun perang kembang ngantos pungkasan. Manyura tegesipun merak, werdinipun wekdal punika sampun “prak” utawi wekdal sampun badhé parak énjing.[1]

Jinis

Jinisipun pathet miturut laras (pélog lan slendra)[2]:

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h [Anonim. 1985. Wayang Asal-usul dan Jinisnya. Semarang: Dahara Prize]
  2. [R.M. Jayadipura. 1949. Music in Java. The Hague]

Pranala njawi