Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Gambar semak utawa perdu

Perdu utawa Semak ya iku salah siji tuwuhan kayu kang dibéakake karo wit racaké amarga pange akèh lan dhuwure luwih endhep, racaké kurang saka 5-6 mèter.[1] Akèh tuwuhan kang wujud wit utawa perdu gumantung saka kaanan tukule.[1] Lumrahé perdu duwé oyot tunggang lan urip nggerombol luwih sawit, pang, lan godhonge tukul nggerombol.[1]

Perdu mawa Wujud Struktural Botani

Ana ing ngèlmu botani lan ékologi, perdu luwih mirunggan minangka nggambaraké struktur fisik tartemtu utawa wujud tuwuhan kayu kang dhuwure kurang saka 8 mèter.[2]

Tuladhané, sistem deskriptif kang kajupuk ing Australia adhedasar ing karakteristik struktural miturut tukule lan wujudé, ditambah dhuwur lan cacahé godhong kang nutup lapisan paling dhuwur utawa spésies dominan.[2]

Kanggo semak 2-8 mèter dhuwure wujud strukturak bisa dikelompokake kaya ing ngisor iki: Godhong rungkut nutup (70-100%):

Cathetan suku

  1. a b c Sabrina flora Archived 2013-03-03 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 16 februari 2013)
  2. a b c d e f Klasifikasi tumbuhan Archived 2012-06-05 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 16 februari 2013)