Swasana main pingpong.

Pingpong, utawa Tènis méja, ya iku salah sijiné cabang ulah raga rakèt kang dimainaké wong loro (tunggal) utawa rong pasang (gandha) kang lelawanan lan migunakaké bal cilik ditamplèk ana ing sadhuwuré méja. Ing Républik Rakyat Cina, jeneng kang resmi ulah raga iki ya iku "bal pingpong", sajeroning (Tionghoa: 乒乓球; Pinyin: pīngpāng qiú). bet,. Indhuk Ulah raga Pingpong ing Indonésia ya iku PTMSI (Persatuan Tenis Meja Seluruh Indonésia)[1] lan ing donya ya iku ITTF (International Table Tennis Federation) sing anggotané nganti 210 nagara lan PTMSI kacathet minangka anggota ITTF wiwit taun 1961.[2]

Bèt lan bal pingpong

Piranti Permainan

Rakèt (bèt)

Rakèt digawé saka lapisan kayu kang tipis lan penampangé dilapisi karèt kang mirunggan. Ukuran dawané rakèt (bèt) ya iku 6.5 inchi (16.5 cm) lan amba 6 inchi (15 cm). Lapisan tipis iki bisa uga ditambahi fiber glass karbon utawa piranti liyané saéngga bèt dadi ènthèng lan ora getas.

Bal

Bal pingpong utawa tènis méja duwé garis tengah 40 mm abot 2,7 gram.[3] Lumrahé wernané putih utawa oranye lan digawé saka piranti selluloid kang ènthèng. Pantulan bal kang apik ya iku manawa ditibakake saka ndhuwur 30,5 cm ngahasilake pantulan sapisan antara 24-26 cm. Ing bal pingpong lumrahé ana tandha lintang, lintang 1 nganti 3, lan tandha lintang 3 iki kang nuduhaké apik orané bal kang lumrahé dipigunakaké ing lomba-lomba resmi.

Méja lapangan

Meja kasebut dawane 2.74 m (9.0 ft), ambane 1.525 m (5.0 ft), lan dhuwure 76 cm (2.5 ft) kanthi bahan sing terus-terusan nganti meja ngasilake pantulan seragam kira-kira 23 cm (9.1 in) nalika werni standar dicemplungake saka dhuwure 30 cm (11.8 in), utawa udakara &&&&&&&&&&&&&077.&&&&&077%.[4][5]

Ukuran lapangan tènis méja

Danganan forehand
Danganan backhand

Cara Main

Main tunggal

Pamainan dobel

Pamain pingpong misuwur Internasional

Pamain pingpong misuwur saka Indonésia

Uga delengen

Pranala njaba

Réferènsi

  1. Situs KONI, PTMSI[pranala mati permanèn]
  2. Anggota ITTF
  3. Dokumen panduan peralatan permainan Tenis meja
  4. International Table Tennis Federation 2011, index 2.1
  5. "ITTF Technical Leaflet T1: The Table". 2013-05-14.