Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.

Polyplacophora yaiku kelas saka anggota Avertebrata kang kagolong ing filum Mollusca.[1] Tuladha kang kondhang saka kelas iki yaiku Chiton sp..

Struktur Awaké

Awaké bundher kaya endhog, tipis, lan simetris bilateral. Cangkemeé ora nambah gedhé lan anané ning endhas (anterior), nanging anusé ana ing posterior. Kéwan iki ora duwé tentakel lan mata. Permukaan dorsal awaké katutup karo mantel kang rangkepi karo kepingan kapur kang gunggungé wolu, kepingan kapur mau ngadhut serabut angsang. Kadang-kadang kepingan iku kabungkus lapisan kitin. Saluran mantel ana ing pinggiré awak. sikilé pipih lan racaké duwé ilat parut (radula).[2]

Sistem Organ

Sistem pencernaan

Organ pencernaan diwiwiti saka cangkem kang ana radulané lan untu – faring – weteng – usus alus – anus. Klanjer pencernaané yaiku hati kang langsung karo weteng.[2]

Sistem saraf

Sistem saraf kaya ali-ali esofagus lan ana loro cabang saraf kang mensarafi mantel lan laladan sikil. Ora ana ganglion kang jelas, nanging ana sel-sel ganglion ning cabang saraf.[2]

Sistem peredaran darah

Sistem peredaran darah lakunair (kabuka) tuladhané jantung, aorta, lan sinus. Getih olih oksigèn saka angsang.[2]

Sistem ekskresi

Ekskresi diproses déning sapasang ginjel kang bermuara ning arah posterior.[2]

Sistem reproduksi

Reproduksi kanthi sèksual, yaiku katemuné sel oyum lan sel sperma kang ana ing individu lanang lan wadon.[2]

Cathetan suku

  1. Buku sekolah elektronik Moch Anshori, Djoko Martono (2009). Biologi 1: Untuk Sekolah Menengah Atas (SMA)-Madrasah Aliyah (MA) Kelas X. Jakarta: Pusat Perbukuan Departemen Pendidikan Nasional. ISBN 978-979-068-129-3 (no.jil.lengkap) / ISBN 978-979-068-130-9. ((cite book)): Check |authorlink= value (pitulung); External link in |authorlink= (pitulung)
  2. a b c d e f D. A. Pratiwi, Sri Maryati, Srikini, Suharno, Bambang S. (2007). BIOLOGI SMA Jilid 1 untuk Kelas X Berdasarkan Standar Isi 2006. Jakarta: Penerbit Erlangga. ISBN 979-781-726-1. ((cite book)): Check |authorlink= value (pitulung); External link in |authorlink= (pitulung)CS1 maint: multiple names: authors list (link)