Prasasti Ngadoman (Carakan: ꦥꦿꦯꦱ꧀ꦠꦶꦔꦝꦺꦴꦩꦤ꧀) dipunpanggih wonten désa Ngadoman, celak Salatiga, Jawa Tengah. Prasasti punika wigati, awit ageng kamungkinanipun, punika satunggiling antawis aksara Kawi kaliyan aksara Buda.
Hong Sri Saraswati, redi Damalung (Merbabu) ingkang agung tur suci. Sira punika kagesangan ing bawana ingkang anyakran, manitis dados manungsa, papaning toya... awit Sang Hyang Widi... déning Bathara Surya, Bathara Canda ingkang menyuluhi ala-ayuning Déwa kaliyan manungsa. Ugi sira ingkang mriksani ingkang gadhah manah, mirengaken sadaya ingkang bakal lepat saking punapa-punapa ila-ilanipun. Sedaya sami pitadhos wicanten sejati. Manawi wonten... tanpa ndarbèni para abdi, saged boten mawa satunggiling tiyang wadon, pitung... tanpa èstri sajatinipun. Ing warsa Saka 1371 (1449/1450 Masehi).