Sawijining gambar taun 1927 sipanse, gibbon (ndhuwur) lan loro orangutan (tengah lan tengah ngisor). Sipanse ing gambar ndhuwur lagi gelantungan; orangutan ing gambar tengah ngisor lagi mbrangkang.Homo sapiens, anggota ordho Primata
Primata iku anggota saka ordo biologi, grup iki dumadi saka kabèh lemur, kethèk, lan manungsa. Primata asal saka tembung Latin Primates, kang tegesé "salah siji kang pisanan, paling apik, noble". Colin Groves ndata watara 350 spésies primata sajeroning Primate Taxonomy. Èlmu kang nyinaoni primata dijenengaké primatologi. Kabèh primata duwé limang driji (pentadactyly), wangun untu kang umum lan rencana awak primitif (ora spesial). Prabédan liya saka primata yakuwi kuku driji. Kabèh primata, mala kang ora duwé sipat kang biyasa saka primata liyané (kaya loris), duwé karakteristik orbit mata kang mbédakaké saka order taksonomi liyané. Karakter primata antarané pandangan kang duwé sipat stereoskopik (binocular vission), postur awak tegak.
Klasifikasi primata
Ing ngisor iki pratélan warna-warna famili primata:
Paucituberculata (Shrew opossums) · Didelphimorphia (Opossums)
Australidelphia
Microbiotheria (Monito del Monte) · Notoryctemorphia (Marsupial moles) · Dasyuromorphia (Quolls and dunnarts) · Peramelemorphia (Bilbies and bandicoots) ·Diprotodontia (Kangaroos and relatives)