Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Real Betis Balompié, tim bal-balan profésional ingkang basisipun wonten ing Sevilla. Real Betis Balompié main ing la liga lan mapan ing posisi 10 wonten ing klasifikasi historik liga Spanyol,[1]: dumugi taun 2007 sampun ndhèrèk 45 mangsa kompetisi Divisi I, pikantuk 3 gelar juara resmi, 1 gelar juara liga, 2 gelar juara Piala Raja Spanyol lan kaping 4 tampil minangka finalis Piala raja.
Real Betis minangka tim angka 1 saking Andalusia ingkang main ing La Liga, lan saged dado juwara Copa del Rey , La Liga lan main ing Piala Champions.
Tim punika minangka tim ingkang angka 4 ingkang dados juara La Liga (1934/35) lan minangka tim angka 7 ingkang naté pikantuk 2 gelar paling wigati ing Spanyol: La Liga taun 1935 lan Copa del Rey taun 1977.
Real Betis naté mlebet ing salebting pratélan tim bal-balan paling apik ing donya ingkang dipunrilis déning IFFHS rikala taun 1995,[2]1997,[3] lan 2005,[4] , lan minangka tim Andalusia angka 2 ingkang paling asring mlbet ing pratélan mau.
Raja Spanyol Don Juan Carlos de Borbón, ibu Raja, lan Pangeran Don Felipe de Borbón minangka anggota kehormatan Real Betis Balompié.
Rikala taun 1907, sekelompok pelajar akademi militèr lan fakultas kadhokteran saking Escuela Politécnica, kanthi resmi ndhirikaken Sevilla Balompié. Cikal bakal tim punika kawiwitan taun 1904 ing pundi kelompok pelajar punika sampun miwiti main bal-balan kanthi kala mangsa. Para juru main wiwitan tim punika asalipun sakin sapérangan kulawarga antawisipun: kulawarga Hermosa, Wesolousky, Castillo, Cáscales lan Gutiérrez ingkang migunakaken kostum kanthi warni biru-pethak. Présidhèn angka 1 saking klub inggih punika Juan del Castillo Ochoa lan kapten ingkang kapisanan –ingkang ugi ngrangkep minangka pelatih-, rikala taun 1914, inggih punikaManuel Ramos Asencio. Nalika taun-taun wiwitan klub punika ngalami wola-wali gantos markas saking calle Alfonso XII (1907-1909), ke Federico de Castro (1910-1911) lan dhateng Jerónimo Hernández (1912-1914).
Nama kesebelasan ingkang kapilih déning lare-lare enem punika ngambaraken pamanggih ingkang kepéngin nentang prabawa bal-balan Inggris: “Sevilla BALOMPIÉ” (saderengipun gadhah nama, “España Balompié”). Klub kadhaptar kanthi resmi minangka satunggaling organisasi ing tanggal 1 Fèbruari 1909.[5]
Boten dangu sasampunipun punika, “Balompié” saged kasil dados tim pisanan ingkang dados juara Piala Sevilla taun 1910, lan minangka juara bertahan dumugi taun 1913. Tim punika ugi partisipasi kompetisi Piala Andalusia ingkang kawiwitan taun 1910 lan dipunundhang saperlu ndhèrèk Piala Spanyol, nanging wonten pepalang dana.[6][7]
Rikala taun 1909 jumeneng Betis Foot-ball Club, ingkang minangka pecahan saking Sevilla Foot-ball Club.
Real Betis minangka tim bal-balan Andalusia kanthi jumlah cabang fans-klub ingkang kathah piyambak (362 fans klub).[11]
Jumlah total fans clubs ingkang kadhaptar kanthi resmi 340,
Saking segi jumlah pendukungipun, Real Betis mapan ing urutan angka 6 (3,3%) antawising tim-tim bal-balan Spanyol miturut angket CIS wulan mei 2007, ing wingkingipun Real Madrid (32,8%), Barcelona (25,7%), Valencia (5,3%), Athletic (5,1%) lan Atlético de Madrid (4,3%).[12]