Katerangan priangga | |||
---|---|---|---|
Jeneng dawa | Ricardo Alberto Silveira de Carvalho | ||
Dhuwur | 1.81 m (5 ft 11 1⁄2 in)[1] | ||
Posisi main | Bèg Tengah | ||
Katerangan klub | |||
Tim saiki | Real Madrid | ||
Angka | 2 | ||
Karir sénior* | |||
Taun | Tim | Main | (Gul) |
1997–2004 | Porto | 73 | (3) |
1998–1999 | → Leça (pinajaman) | 22 | (1) |
1999–2000 | → Vitória de Setúbal (pinjaman) | 25 | (2) |
2000–2001 | → Alverca (pinjaman) | 29 | (1) |
2004–2010 | Chelsea | 135 | (7) |
2010–2013 | Real Madrid | 37 | (3) |
2013–2016 | AS Monaco | ||
2016–2017 | Shanghai SIPG | ||
Tim nasional‡ | |||
1994-1995 | Portugal U17 | 1 | (0) |
1995 | Portugal U19 | 3 | (0) |
1996-1997 | Portugal U20 | 9 | (0) |
1998-1999 | Portugal U21 | 14 | (1) |
2003–2011 | Portugal | 75 | (4) |
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 28 September 2011 (UTC). |
Ricardo Alberto Silveira Carvalho OIH (pangucapan ing basa Portugis: [ʁi'kaɾðu kɐɾ'vaʎu], lair ing Amarante, Portugal, 18 Mèi 1978; umur 46 taun) ya iku juru main bal-balan sing asalé saka Portugal sing main minangka bèg tengah kanggo Real Madrid ing La Liga lan Portugal.
Carvalho miwiti karir bal-balan ing klub lokal Amarante Futebol Clube. Sadurungé main kanggo Real Madrid, panjenengané naté main kanggo Porto, Leça F.C., Vitória de Setúbal, F.C. Alverca, lan Chelsea. Jenengé lekas dikenal wiwit main ing Porto. Bareng Porto, Carvalho kasil éntuk gelar juara Super Liga Portugal, Taça de Portugal, Supertaça Cândido de Oliveira, Piala UEFA, lan Liga Champions UEFA. Salanjuté panjenengané gabung ing klub Liga Primer Inggris Chelsea ing Juli 2004.[2] Sasuwené enem mangsa ing klub London mau, Carvalho nyatetaké ping 200 main ing kabèh kompetisi[3] lan kasil éntuk gelar juara Liga Primer Inggris, Piala FA, Piala Liga Inggris, lan Community Shield. Panjenengané banjur pindah ing Madrid lan gabung karo Real Madrid ing wulan Agustus 2010.[4] Bareng Real Madrid, Carvalho kasil éntuk gelar juara Copa del Rey. Panjenengané uga naté kapilih minangka bèg paling apik Liga Champions UEFA mangsa 2003-04.[5]
Carvalho main ing timnas Portugal wiwit wulan Oktober 2003.[6] Panjenengané kalebu skuat Portugal ing Euro 2004, Piala Donya FIFA 2006, Euro 2008, dan Piala Donya FIFA 2010. Carvalho mutusaké pensiun saka timnas ing wulan Agustus 2011. Panjenengané wés nyatetaké ping 75 main lan 4 gol kanggo timnas Portugal.
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Ricardo Carvalho. |
Prestasi dan penghargaan | |
---|---|
Cithakan:Tim paling apik Piala Éropah 2004
|
Skuat Portugal | |
---|---|
Cithakan:Skuat Piala Éropah 2004 Portugal
Cithakan:Skuat PÉropah 2008 Portugal |