Saifullah Yusuf | |
---|---|
Wakil Gubernur Jawa Wétan | |
Wiwit linggih 12 Fèbruari 2009 | |
Gubernur | Soekarwo |
Kang sadurungé | Soenarjo |
[[Mantri Nagara Pangyasa Laladan Tertinggal Républik Indonésia]] 2 | |
Linggih 21 Oktober 2004 – 9 Mèi 2007 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Manuel Kaisiepo |
Kang sawisé | Mohammad Lukman Edy |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Pasuruan, Jawa Wétan, Indonésia | Agustus 28, 1964
Bangsa | Indonésia |
Parté pulitik | PDI Perjuangan, Parté Kebangkitan Bangsa, Parté Persatuan Pangyasa |
Almamater | Universitas Nasional |
Drs. Saifullah Yusuf (miyos ing Pasuruan, Jawa Wétan, 28 Agustus, 1964) inggih punika Wakil Gubernur Jawa Wétan saking taun 2009 ngantos dumugi 2014.[1] Panjenenganipun naté dados Ketua GP Anshor taun 2000-2010, tilas Sekjen/Ketua DPP Parté Kebangkitan Bangsa lan tilas Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal Kabinét Indonésia Bersatu 2004-2007.[1]
Panjenenganipun kapilih malih dados ketua Gerakan Pemuda Anshor périodhe 2005-2010 wonten ing muktamar ingkang dipunwontenaken nalika tanggal 3 April 2005 ing Asrama Haji Pondok Gede, Jakarta.[1] Tilas Sekretaris Jéndral utawi Ketua DPP Parté Kebangkitan Bangsa (PKB) punika milih Susilo Bambang Yudhoyono lan Jusuf Kalla nalika Pemilu Présidhèn ubengan kaping kalih 2004.[1] Pilian kasebat ndadosaken Yusuf pikantuk kalungguhan Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal ing Kabinet Indonésia Bersatu.[1] Nanging, nalika Mèi 2007 panjenenganipun dipun-gantos déning Muhammad Lukman Edy.[1]
Kariéripun Saifullah Yusuf inggih punika:
Saifullah Yusuf Archived 2011-09-08 at the Wayback Machine.