Sargon | ||
---|---|---|
King of Akkad | ||
Bust of an Akkadian ruler, probably Sargon, Nineveh, ca. 23rd – 22nd century BC | ||
Reign | ca. 2270 BC – 2215 BC | |
Full name | Birth name unknown; regnal name was Šarru-kin ("the true King" or "the legitimate King") | |
Titles | King of Kish, Lagash, Umma, Uruk, overlord of Sumer, Elam, Mari, and Yarmuti | |
Born | ca. 2300 BC | |
Azupiranu, Mesopotamia (?) | ||
Died | ca. 2215 BC (aged 85) | |
Akkad, Mesopotamia (?) | ||
Successor | Rimush | |
Wife/wives | Tashlultum | |
Issue | Enheduanna, Rimush, Manishtushu, Ibarum, and Abaish-Takal | |
Royal House | House of Sargon | |
Dynasty | Akkadian dynasty | |
Father | La'ibum (natural); Akki (foster-) | |
brother | unknown |
Sargon saking Akkad dipuntepang ugi Sargon Raja Agung atawa Raja ingkang sajatosipun, Raja saking peradaban kuna wonten Mesopotamia.[1][2] Wonten cathetan kuna utawi prasasti, salah satungaling tokoh raja ingkang yasa kamaharajan utawi nagara ingkang multietnis, ngagem polotik Akkadians (Monarki).[3] Tlatah ingkang dikuasai Sargon watara lepen Tigris ngantos Eufrat, kaliyan sabagian tlatah Turki sapunika, ibu kotanipun wonten tlatah Agade, Akkad.[3] Sargon kacathet wonten dhaftar raja-raja ingkang wonten Sumeria, wonten gangsal raja ingkang dados panguasa wonten Akkad inggih punika, Sargon, Rimush, Manishtusu, Naram-Sin, kaliyan Shar-kali-sharri sadayanipun dados raja Akkad kanthi 142 taun.[4] Piyambakipun (Sargon) dados raja laminipun 56 taun (data kasebat boten saged dipunpriksa, nanging wonten cathetan ingkang saged dipungandhengaken sumarga saged dipunpitados, ya iku cathetan raja Ur ingkang kaping III).[4] Saderengipun dados raja Akkad, Sargon dados juru minumipun Raja Ur-Zababa Kish.[4] Miturut legendha, Sargon sapunika bocah ingkang dibuang nalika lair, lajeng dipunrumat kaliyan tukang tandur wonten karajan, ngantos dipunremeni kaliyan dewi Isthar nuli dipunboyong wonten pangadilan karajan.[5]
Sumber sajarah ingkang utama papréntahan Raja Sargon dipunangsal saking salinan kitab Torètingkang dipunserat para ahli-ahli Torèt Babilonia Kuna wonten Nippur.[3] Para ahli KitabTorèt punika saking Akkadia, saéngga ngagem kalih abasa teks, yapunika abasa Sumeria kaliyan abasa teks Akkadia.[4] Saking chatetan punika dipunmangertosi sajarah saking Raja Sargon, inggih punika:[4]
Kangge ngelancaraken niatipun Raja Sargon kanggé nyatunggalaken sadaya tlatah, piyambakipun ngutus putrinipun Enheduanna dados pendeta ageng wonten kuil Dewi Bulan Nanna, tlatah Ur.
Boten namung punika, Enheduanna ugi dipunutus Sargon dados pendeta ageng wonten kuil déwa Langit An, tlatah Uruk.[4] Sarta ugi nyerat kalih himne kanggé nyembah para déwa.[5] Papréntahan Dinasti Akkadia sukses, tlatahipun mbentang saking Lebanon wonten pasisir Mediterania, kanthi Loripun Turki kaliyan tlatah kidul Lempongan Pèrsi.[4]