Koordhinat: 37°33′36″N 126°59′24″E / 37.56000°N 126.99000°E / 37.56000; 126.99000

Kota Khusus Seoul
서울
Kota Khusus
Trankripsi  
 • Hangul서울특별시
 • Hanja서울 [1]
 • Revised RomanizationSeoul Teukbyeolsi
 • McCune-ReischauerSŏul T'ŭkpyŏlsi
Clockwise from top left: N Seoul Tower, Moonlight Rainbow Fountain, Gangnam, Samsung Tower Palace, 63 Building and Namdaemun
Clockwise from top left: N Seoul Tower, Moonlight Rainbow Fountain, Gangnam, Samsung Tower Palace, 63 Building and Namdaemun
Official logo of Kota Khusus Seoul
Emblem of Seoul
Peta Koréa Kidul dengan Seoul yang diberi tanda
Peta Koréa Kidul dengan Seoul yang diberi tanda
District
Pamaréntahan
 • JinisSeoul Metropolitan Government
 • MayorOh Se-hoon
Laladan[2]
 • Kota Khusus605,25 km2 (23,369 sq mi)
Cacah warga (2009)[3]
 • Kota Khusus10.464.051
 • Pepadhet17.288/km2 (44,780/sq mi)
 • Métro24.472.063
 • DemonymSeoulite,서울시민(Seoul simin)
 • DialectSeoul
FlowerForsythia
TreeGinkgo
BirdMagpie
Situs wèbseoul.go.kr

Seoul (Aksara Jawa: ꦱꦵꦈꦲ꧀ ) iku kutha krajan Koréa Kidul kang umuré punjul 600 taun lan nganti taun 1945, kutha krajan saka kabèh Koréa. Kutha iki minangka Kutha Mligi Koréa. Wiwit madegé Républik Koréa—kondhang kanthi jeneng Koréa Kidul—ing taun 1948, kutha iki dadi kutha krajan nagara, kajaba sawatara wektu ing mangsa Perang Koréa.

Seoul dumunung ing sisih kulon-lor nagara, ing sisih kidul DMZ Koréa, ing Kali Han. Kutha iki dadi pusat pulitik, budaya, sosial lan ékonomi ing Koréa Kidul dan Asia Wétan. Uga dadi pusat bisnis, kauangan, prusahaan multinasional, lan organisasi global. Nganti saiki, Seoul dianggep cahya saka ékonomi Asia Wétan, simbol saka kaajaiban ékonomi Koréa.

Kanthi 10 yuta kang ndunungi kadaftar kang manggon ing tlatah kang jembaré 605.52 km², Seoul minangka salah siji kutha paling padhet ing donya. Kapadhetané wis ndadèkaké dadi salah siji kutha digital-kabel ing donya. Kutha iki uga duwé montor kadaftar punjul 1 yuta kang njalari kamacetan nganti liwat tengah wengi. Pérangan Seoul gedhé dan laladan komuter, kalebu dermaga kutha Incheon lan laladan papan panggon Seongnam, dadi panggonan kang paling padhet ing donya. Sajeroning taun-taun pungkasan, pamaréntah laladan metropolitan wis nindakaké program resik-resik polusi hawa lan banyu ing kutha iki, andandèkaké atmosfir dadi resik banget.

Pamérangan administratif

Seoul dibagi sajeroning 25 gu (구 dhistrik), kang dipérang manèh dadi 522 dong, kang banjur dibagi sajeroning 13.787 tong, lan dibagi manèh dadi 102.796 ban.

Pranala njaba


Gendéra Koréa Kidul
Pamérangan administratif Koréa Kidul
Mligi: Seoul
Metropolitan: Busan | Daegu | Daejeon | Gwangju | Incheon | Ulsan
Provinsi: Chungcheong Lor | Chungcheong Kidul | Gangwon | Gyeonggi | Gyeongsang Lor | Gyeongsang Kidul | Jeju | Jeolla Lor | Jeolla Kidul
  1. Dikarenakan Seoul tidak memiliki kesamaan dalam Hanja, penulisan Hangul digunakan disini.
  2. "Seoul Statistics (Land Area)". Seoul Metropolitan Government. Dibukak ing 24 March 2010.
  3. "Seoul Statistics (Population)". Seoul Metropolitan Government. Dibukak ing 24 March 2010.