Sepatu yaiku lapik utawa barang kang minangka buntél sikil.[1] Lumrahé digawé saka kulit, karèt, kain lspé.[1] Panggonan telapak lan tungkaké kandel lan atos.[1]. Saiki sepatu ora mung kanggo alas sikil, nanging wis dadi pérangan wigati kanggo penampilané wong.[2]
Jénis séépatu kanggo wong wadon ana pirang-pirang, antarané:[2]
Open Toe Shoes:pucuké bukaan, pérangan buri tutupan. Pasisirs kanggo acara formal utawa informal, untungé nganggo spéatu modèl iki yaiku sikil ora cépét kringétan.
Pump Shoes:Pump shoes diartiké sepatu labu. Diundang kaya ngono mérga pucuk sepatu mirib buah waluh, dhapuré séténgah bundér, sépatu modhél iki cocog dikombinasikaké karo rok mini.
Sling Back Shoes:ciri-ciriné sepatu modhèl iki yaiku ana tali kang nggubét ing pergelangan sikil. Kérép karan sepatu sandhal. Cocok digunakaké nalika nganggo rok modhèl A-line supaya ngetokaké kesan feminin.
Wedge Heel:Wedge Heel iki jénis sepatu kang duwé ukuran hak kang méh padha ing pérangan ngarep lan mburiné.
Kitten Heel:Sepatu kang duwé hak cendhèk. Luwih cocog digunakaké ing acara kasual.
Stiletto:Pérangan ngarep lancip lan duwé hak kang lancip uga dhuwur. Cocok dikombinasikaké karo gaun. Sepatu iki bisa ngetokaké kesan feminin lan seksi.
Selop: sepatu kang uga karan slipper iki duwé ciri-ciri pérangan ngarep tutupan kaya sepatu nanging pérangan mburi bukaan, mirib sandal.
Boots: Sepatu kang ketutup sekabehané.
Sports:Sepatu kets. Sepatu kang racaké digunakaké nalika ulah raga.