Shohei Matsunaga (dipunwiyosaken wonten ing Shizuoka, Jepang, 7 Januwari 1989, sakmenika yuswanipun 28 taun) punika sawijining atlit bal-balan saking nagari Jepang.[1][2][3] Piyambakipun anggadhahi posisi dados purwarés.[4] Sakmenika piyambakipun mlebet wonten ing klub saking kitha Bandung inggih punika Persib Bandung, nalika Indonesia Super League 2017.[2][3] Piyambakipun misuwur nalika tandhing nglawan Arema Cronus FC wonten ing minggu kapisan Indonesia Soccer Championship A 2016. Piyambakipun ndamel gol ingkang misuwur nalika tanding nglawan Persib Bandung wonten ing minggu kaping sekawan. Gol punika dipundamel lumantar tetenger pénalti wonten ing menit kaping 57, sanadyan sekor ing pungkasan tandingan punika imbang 1-1.
Wonten ing minggu kaping gangsal, piyambakipun ndamel gol lumantar tetenger pénalti wonten ing gawangipun Bali United Pusam FC nalika menit kaping 53 lan ndamel Persiba Balikpapan angsal 3 sekor.[5] Satunggal gol dipundamel malih wonten ing gawangipun Madura United, lan ugi lumantar tetenger pénalti.[6]
Wonten ing minggu kaping sanga, Shohei ndamel gol ingkang kathah. Menika wonten ing gawangipun Parsegres Gresik United wonten ing menit kaping 30, punika ugi malihaken kaanan dados 2-1. 8 menit sasampunipun, gol ingkang dipundamel Shohei andadosaken sekor 3-1 lan ugi andadosaken Persiba menang kanthi sekor 5-3 wonten ing pungkasaning tandhingan.[7]
Shohei Matsunaga déréng naté dipuntimbali kanggé tandhing wonten ing tim nasional Jepang.