Sriwijaya Football Club (disingkat Sriwijaya FC) saiku siji klub bal-balan Indonésia kang duwé markas ana ing Palembang.[1] Tim kang dijuluki Laskar Sriwijaya iki dadi tin kang dikelola déning PT Sriwijaya Optimis Mandiri (PT SOM) sawisé opsi kepemilikan saka pamaréntah Provinsi Sumatra kidul.[1] Présidhèn Sriwijaya saiki yaiku Doddy Alex Reza kang kalebu putra saka gubernur Sumatra Kidul, Alex Noerdin.[1] Tim kang klambine abang, kuning motif songket iki duwé 2 kelompok suporter, S-Mania lan Singa Mania kang digabung dadi Sumselmania.[1] Sriwijaya FC yaiku juara Divisi Utama Liga Indonésia 2007.[1]
Sriwijaya FC makili provinsi Sumatera Kidul, nanging Sriwijaya FC digawé ing Jakarta kanthi nama Persijatim ing taun 1976.[2] Amarga alasan finansial, klub iki pernah pindah ing Sala lan dadi Persijatim Sala FC ing taun 2002 nganti tekan 2004.[2] Sawisé iku, Sriwijaya FC dituku déning pamaréntah provinsi Sumatera Kidul lan diganti jenenge dadi Sriwijaya FC Palembang.[2]
Logo Sriwijaya FC bentukebunder ana tulisané Sumatera Selatan Bersatu Teguh kang tegesé Sriwijaya FC bisa minangka salah siji sarana kanggo minangka kesatuan kang bulat saka kabèh masarakat ing Provinsi Sumatera Kidul.[2]