Nigirizushi, sawijining jinis sushi

Sushi (鮨, 鮓, utawa padatan すし, 寿司?) ya iku panganan Jepang kang isiné sega kang diwangun bareng karo lawuh (neta) awujud panganan laut, daging, janganan mentah utawa kang wis dimasak.[1] Sega sushi iku rasané rada kecut jalaran dibumboni karo campuran cuka, beras, uyah, lan gula.

Asal-usul tembung sushi ya iku saka tembung kaanan kanggo rasa kecut kang tinulis nganggo aksara kanji (酸し sushi?). Wiwitane, sushi ditulis nganggo aksara kanji 鮓 minangka istilah kanggo salah sijining jinis cara ngawetake iwak diarani (魚醤 gyoshō?) kang ngolesi iwak nganggo uyah, bubuk ragi ( koji?) utawa ampas sake ( kasu?). Panulisan sushi nganggo aksara kanji 寿司 kang diwiwiti saka jaman Edo minangka cara panulisan ateji (nulis nganggo aksara kanji) liyané kang unine padha.

Jinis-jinis sushi

Sapérangan sushi kang kawentar ya iku nigiri, gunkan, norimaki, temaki, oshizushi, inari, chirashi.[2]

Nigiri minangka sushi kang awujud sega kepel kang diwènèhi neta (lawuh) iwak, kerang, lan sapanunggale ing ndhuwure. Cara mangan nigirizushi ya iku:

  1. Nigirizushi dipangan kanthi cara nyelupake pérangan neta ing kecap asin.
  2. Nigirizushi padatan dipangan muluk (nganggo tangan]], nanging bisa uga nganggo sumpit.
  3. Nigirizushi padatan dipangan sakemplokan.

Cathetan suku

  1. "If You Knew Sushi," Urban Legend Reference Pages, 20 Fèbruari 2007
  2. Sushi