Taling
Sandhangan swara

Taling iku sawjining sandhangan swara sajeroning aksara Hanacaraka, kang ngowahi swara saka foném /a/ ing aksara nglegena dadi swara /é/. Sandhangan swara taling iki dunungé ing sakiwaning aksara. Pocapan aksara nglegena kang dipasangi sandhangan iki banjur owah, tuladha aksara nglegena 'ga' kang dipasangi sandhangan taling dipocapaké 'gé'.

Sajeroning standar Unicode versi 5.2 kodhe sandhangan taling iki wujud kodhe A9BA[1]

Uga delengen

Rujukan

Pranala njaba