Turi | |
---|---|
Turi | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Plantae |
Dhivisi: | Magnoliophyta |
Klas: | Magnoliopsida |
Ordho: | Fabales |
Famili: | Fabaceae |
Subfamili: | Faboideae |
Tribe: | Robinieae |
Génus: | Sesbania |
Spésies: | S. grandiflora |
Jeneng binomial | |
Sesbania grandiflora (L.) Poiret |
Turi (Sesbania grandiflora syn. Aeschynomene grandiflora) wujud wit cilik (dhuwur bisa tekan 10m). Asal dinuga saka Asia Kidul lan Asia Kidul-wétan nanging saiki wis kasebar menyang manéka laladan tropis donya.
Wangun wujud wit kanthi pacawangan arang, cawang ndhatar, watang utama jejeg, tajuk cenderung saya dhuwur, godhong nyirip gandha. Kembangé kasusun majemuk, makutha awerna putih, tipe kupu khas Faboideae. Woh polong, nggantung.
Turi dimupangataké minangka wit pangayom dalan utawa pekarangan. Godhong lan kembangé bisa dijangan. Kembangé lumrahé digunakaké sajeroning masakan pecel. Kulit watang turi duwé khasiyat minangka obat radhang usus, obat seriawan lan obat kudhis.
Woh kembang iki bisa kanggo obat sirah ngelu, adhem-atis mriyang, nifas, bèri-bèri, watuk, radhang gorokan, lan keputihan.[1] Kulité kembang bisa kanggo obat radhang usus, ngising getih, kudhis, sariawan.[1] Kabèh perangané kembang iki kanggo obat disentri.[1]
Jeneng-jeneng lokal ing Indonésia nyakup turi (Jawa Tengah), turi (Pasundan), toroi (Madura), tuwi, suri (Mongondow), uliango (Gorontalo), gorgogua (Buol), kayu jawa (Baree, Makasar), ajutaluma (Bugis), palawu (Bima), tanunu (Sumba), gala-gala (Timor), tun (Ternate, Tidore).