Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak.
Artikel iki minangka bagéyan saka sèri
Susastra Hindhu
aum symbol
Veda
Rgveda · Yajurveda
Samaveda · Atharvaveda
Pamérangan Veda
Samhita · Brahmana
Aranyaka  · Upanisad
Upanishad
Aitareya  · Bṛhadāraṇyaka
Īṣa  · Taittirīya · Chāndogya
Kena  · Muṇḍaka
Māṇḍūkya  ·Praśna
Śvetaśvatara
Wedangga
Śikshā · Chanda
Vyakarana · Nirukta
Jyotisha · Kalpa
Itihasa
Mahabharata · Ramayana
Susastra liyané
Smrti · Purana
Bhagavad Gita · Sutra
Pancaratra · Tantra
Kumara Vyasa Bharata · Stotra
Hanuman Chalisa · Ramacharitamanas
Shikshapatri · Vachanamrut
Deleng uga
Mitologi
Kosmologi
Déwa-Dèwi
Portal Hindhu

Upanisad (Sansekerta: उपनिषद्, IAST: upaniṣad) kalebet wonten ing Śruti inggih punika péranganing Weda, kejawi sastra-sastra Brahmana. Upanisad ngandhut ajaran filsafat, meditasi sarta konsèp ketuhanan.[1]

Upanisad inggih salah satunggaling kelompok pustaka suci weda. Nanging, boten sadaya umat Hindhu mangertosi bilih Upanisad minangka péranganing Weda ingkang langkung spesifik (mligi) saéngga kirang kawentar saha kirang dipunmangertosi kaliyan sadaya umat Hindhu. Tembung Upanisad saking urat tembung “Upa” (caket), “Ni” (wonten ing papan ingkang langkung andhap) saha “Sad” (lenggah). Saéngga saking buku-buku wulangan resmi ing sekolah umat Hindhu mangertosi bilih kitab “Upanisad” punika kitab ingkang ajaranipun dipuntampi kanthi lenggah caket kaliyan padma guru kerohanian.[2] Sumber-sumber ortodok ngelompokaken Upanisad minangka kelompok kitab Sruti ingka posisinipun dados śākhā utawi andharan saking kitab-kitab Catur Weda. Kitab Muktika Upanisad nyebataken bilih wonten 108 kitab upanisad ingkang satunggalipun kasungsun saking 10 Upanisad ingkang minangka śākhā saking Rgwweda, 16 Upanisad ingkang minangka śākhā saking Sama Weda, 51 Upanisad ingkang minangka śākhā saking Yajur Weda sarta 31 Upanisad ingkang minangka śākhā saking Atharwa Weda. 108 Upanisad mau inggih punika:[2]

Upanisad ingkang minangka śākhā Rg Weda

Upanisad ingkang minangka śākhā Shuklapaksha Yajur Weda

Upanisad ingkang minangka śākhā Krishnapaksha Yajur Weda

Upanisad ingkang minangka śākhā Sama Weda

Upanisad yang merupakan śākhā Atharwa Weda

Ewadene dipunsebat minangka śākhā saking Catur Weda, nanging wonten manéka sumber sloka nyebataken bilih punapa ingkang kajabaraken wonten ing Upanisad, kadhudhukanipun langkung inggil tinimbang saking kitab-kitab Catur Weda. Wonten ing Mudaka Upanisad 1.1.4-5 dipuntedahaken, “Kalih jinis pengeteahuan kedah dipunmangertosi: makaten Hyang Maha Mangertos babagan Brahman sampun dipuntedahaken. Pengetahuan punika kawruh ingkang langkung andhap saha kawruh ingkang langkung inggil”. “Ingkang kalebet wonten ing kawruh ingkang langkung andhap kados ta Rg Weda, Yajur Weda, Sama Weda, Atharwa Weda, fonetik, ritual, tata basa, etimologi, prosodi, sarta astronomi. Nanging ingkang langkung inggil inggih punika kawruh ingkang boten saged musna”.[5].

Saking filosofis, punapa ingkang sampun dipuntedahaken wonten ing Upanisad panci tebih bèntenipun kaliyan punapa ingkang sampun dipunajaraken wonten ing Catur Weda. Manawi wonten ing Catur Weda kebak kaliyan manéka panduan ritual pamujaan dhumateng para déwa, saéngga wonten ing Upanisad sampun boten ngrembag babagan ritual nanging sampun babagan filsafat murni. Upanisad ngrembag tigang prakawis utami, inggih punika babagan posisi sang dhiri minangka Atman, kawontenan Brahman, sarta gayutan antawisipun dhiri minangka Atman saha Brahman. Pengetahuan babagan Atman saha hubunganipun kaliyan Brahman punika ingkang dipunsebut Brahma Widya utawi ingkang wonten ing Bhagawad Gita dipunsebutaken minangka kawruh rahasia ingkang paling inggil.[6].

Deleng uga

cathetan Suku

  1. [1](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  2. a b Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng “internet 1”
  3. [2](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  4. a b c d Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng “internet 2”
  5. [3](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
  6. [4](dipunundhuh tanggal 2 November 2012)

Cithakan:Topik Hindhu