Artikel iki macak aksara Jawa. Menawa pangluru sampéyan durung njurung karakter iku, sampéyan mokal ndeleng sawenèh tulisan sing nganggo aksara Jawa ing kaca iki. Kanggo ndandani, wacana Pitulung:Aksara Jawa.

Uthik inggih punika salah satunggaling dolanan tradhisional kanggé laré alit utawi ném. Piranti utama ingkang dipun-ginakaken inggih punika karét. Karétipun dipundu, pramila dolanan punika ugi dipunwastani adu karét. Uthik asring dipunlampahi déning laré alit kakung. Nanging laré alit putri ugi wonten ingkang dolanan uthik.