Wafel saka Amérika Sarékat mawa sirup maple

Wafel ya iku sajinising panganan kue. Panganan iki nduwé ciri khas dimasak nganggo piranti kang diarani wesi wafel.[1] Wesi wafel iki gunané kanggo nyithak wafel. Ing basa Inggris, kue wafel lumrahé diarani waffle.[1] Saliyané iku, wesi wafel uga duwé motif kang gunané kanggo nggawé wujud kang khas lan kena dititêni.[2] Ana akèh variasi miturut jinis lan wujud wesi wafel.[2] Variasi iki gumantung saka wesi lan resep kang dianggo.[2]

Wafel dadi panganan kang disenengi meh kabéh wong ing donya mligi ing Bèlgi lan Amérika Sarékat.[2] Wafel lumrahé dihidangké karo topping.[2] Topping utawa hiyasan ing sandhuwuré wafel kang dianggo lumrahé digawé saka stroberi, coklat, gula, madu, sirup, ès krim, lan liya-liyané.[2]

Wafel digawé kanthi cithakan kang dhapuré warna-warna.[2] Ana kang dhapuré bunder, wujud kaya godhong waru lan ana uga kothak.[2] Saliyané wujud kang umum iki, wafel uga kena digawé kanthi cithakan kang dhapuré divariasi dhéwé miturut butuhé.[2] Wafel uga kena dicampuri karo bahan liyané kaya ta woh-wohan lan kismis kanggo nggawé rasané sangsaya énak.[2] Wafel uga kena diwénéhi campuran bahan wujud coklat lumrahé diarani wafel coklat.[3]

Cathetan suku

  1. a b kamus.net(dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
  2. a b c d e f g h i j anekakuliner.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)
  3. lintasberita.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 28 Juli 2011)