Whitney Houston | |
---|---|
Pratélan latar wuri | |
Jeneng lair | Whitney Elizabeth Houston |
Pakaryan | Penyanyi, aktris, prodhuser filem, model |
Piranti | Vokal, piano |
Mangsa akarya | 1977–2012 |
Labèl | Arista |
Sana jaringan | www.whitneyhouston.com |
Whitney Houston (lair ing Newark, New Jersey, Amérikah Sarékat, 9 Agustus 1963 – pati 11 Fèbruari 2012 ing umur 48 taun) dhèwèké iku penyanyi pop lan R&B, artis, prodhuser rekaman, penulis lagu lan mantan model Amérikah Sarékat, kasuksèsané nggawe motivasi kanggo para penyanyi Afrika-Amérika liyané, kaya ta saka kaum wanita kanggo sukses ning donya hiburan tarik swara, Whitney kondhang ning donya hiburan dadi penyanyi, debut albumé dirilis ning taun 1985, lan amarga tembang You Give Good Love, Whitney Houston bisa lumebu ning tangga lagu Billboard Hot 100.[2]
Sawisé iku, piyambake uga sukses kanthi tetembangan kang judhulé Saving All My Love for You, How Will I Know lan Greatest Love of All.[2] Tetembangan mau mapan ing pucuk tangga ning Amérikah Sarékat.[2] Whitney Houston duwé idhola saka donya musik, dhèwèké andadekaké Loleatta Holloway kanggo sumber inspirasi anggoné makarya.[3]
Nalika taun 1980-an, Whitney Houston uga tau meluni audisi supaya bisa lumebu ning acara The Cosby Show, sanajan akhiré kalah karo aktris Sabrina Le Beauf.[2] Dhèwèké tau uga tampil ning acara (episode) Gimme a Break bebarengan karo Nell Carter lan episode Silver Spoons bebarengan karo Rick Schroder, sadurungé iku Whitney Houston wiwit ngerilis dhebuté.[2]
Babagan prakara kauripané, Whitney Houston tau palakrama karo penyanyi R&B kang namané Bobby Brown nalika taun 1992.[2] Saka perkawinané karo Bobby Brown, nalika tanggal 4 Maret taun 1993 lair anaké kang pisanan.[2] Anaké kang pisanan mau wadon lan dijenengi Bobbi Kristina Houston Brown.[2] Nanging Whitney Houston lan Bobby Brown akiré pegatan.[2] Sakloron sah anggoné pegat nalika tanggal 13 September taun 2006.[2]
Dina Setu 11 Fèbruari 2012, Whitney Houston dilaporaké tilar donya ing kamar siram hotèl ing Beverlly Hills.[4][5] Kabare Whitney Houston overdhosis usada jinis kokain.[4] Sadurungé séda kang kontrovêrsial iku, Houston dikabaraké lagi mbudidaya nglawan ketagihane marang usada.[4] Jenasah Whitney Houston dimakamaké ing jèjèré makamé bapake John Russell Houston Junior, ing New Jersey.[5]
Tahun | Judhul | Peran | Ket |
---|---|---|---|
1984 | Gimme a Break! | Rita | "Katie's College" (Season 3, Episode 20) |
1992 | The Bodyguard | Rachel Marron | Utama |
1995 | Waiting to Exhale | Savannah Jackson | Utama |
1996 | The Preacher's Wife | Julia Biggs | Utama |
1997 | Rodgers & Hammerstein's Cinderella | Ibu Peri | digawé kanggo(ABC) |
2003 | Boston Public | Sebagai dirinya sendiri | Kameo |
2004 | Nora's Hair Salon | Sebagai dirinya sendiri | Kameo |
Sebagai prodhuser
Tahun | Judhul | Ket |
---|---|---|
1997 | Rodgers & Hammerstein's Cinderella | prodhuser èksekutif |
2001 | The Princess Diaries | prodhuser |
2003 | The Cheetah Girls | prodhuser èksekutif |
2004 | The Princess Diaries 2: Royal Engagement | prodhuser |
2006 | The Cheetah Girls 2 | prodhuser èksekutif |